Jumat, 07 Agustus 2009

MINTARAGA; ARJUNA WIWAHAN(4)

PUPUH XV
S I N O M
Sri Nata denira pejah, gumuling rata manik, pejah dening Sang Harjuna, sigra denya mbasmi aglis, wahana datan kari, miwah wadyabalanipun, pra samya ingobongan, de pejahe sang ditya ji, kadi pejahira sang Nilayowana.
Duk kenane ing supata, Mercukundha maharesi, pejahira sang Niwata, nekakken prabawa luwih, prabawa ratu mati, mega rep-rep lawan mendhung, kukuwunge kawawang, angin mega ngemu riris, kang bagaskara kalangan ing katonira.
Lah punika tandhanira, lamun ratu luwih mati, dene sagung surapsara, ingkang pejah lawan kanin, wus sami den tetesi, lawan toya merta iku, dening Sang Batharendra, wus gesang lir wangi uni, wong ing Suralaya waluya sadaya.
Sawahana pulih samya, myang putunging sanjata di, keh gagaman ingkang remak, sami samya nulya jati, tabuhan ing ajurit, ugi mulya lir ing dangu, tan ana ingkang risak, miwah sagung Jawata di, wetah datan ana kang kalong satunggal.
Sigra kundur Sanghyang Endra, saking nggene mangun jurit, anitihi rata retna, sakaliyan lan Pamadi, apan tan keni tebih, Sang Harjuna denya lungguh, rentengan ingkang rata, datan kenging tebah kedhik, sami enggar wanahe wong Suralaya.
Ing samarga keh rarasan, ingkang mentas menang jurit, nanging datyan lyan prakara, kang rinasan urut margi, satingkahireng jurit, mung menange kang winuwus, wau wong Suralaya, denya tuk kehing papati, tan ana lyan samarga-marga ingucap.
Lan nayaka pra Jawata, mring Bathara Endra ngiring, atut wuri ratanira, ing samarga den rasani, nenggih tan wonten malih, kang winuwus aneng enu, nggenira amarjaya, marang mungsuh sura sekti, ngaku-aku akeh nggennya tuk pejah.
Denen wau Sang Harjuna, kang mejahi Niwata, prabu Ngima-imantaka, sakecap tan arsa angling, wau kang mantuk sami, mring Kayangan kang winuwus, weneh wong Suralaya, gya malebeng pura aji, Ngima-ima angambil retna kancana.
Busana di mawa retna, kang musala lawan gandhi, lan anake sesengkeran, ingkang sami ayu luwih, pingitan narapati, sang Niwata mahaprabu, sadaya binoyongan, rame rebutan rumiyin, wanita di ingkang dadya rerebutan.
Sadaya wong Suralaya, apan antukira sami, ngiringaken keh tawanan, karasikan urut margi, wau ta kang winarni, wong ing Suralaya mantuk, pra sami gagandhengan, lan tawan estri linuwih, langkung suka denya samya tuk boyongan.
Kacarita estrinira, kang tinilar marang laki, mangke sampun myarsa warta, lamun ingkang lunga jurit, milane sru mamati, dene tanduk angkatipun, kang priya lunga aprang, denya mapag mungsuh prapti, sapungkure sami sanget tarak brata.
Malah kathah sangi samya, sasangine mring kang laki, angurangi marang pangan, ana ingkang cegah guling, ameling jroning samangke ngrungu warti, yen lakine mangke menang denya aprang.
Yekti samya sukeng manah, ngayun-ayun enggal prapti, leh-olehe lakinira, de ambedhah praja adi, yekti tuk brana luwih, jajarahan nagara gung, ingkang den arsa-arsa, mangka mangke myarsa warti, sanyatane lakine arabi tawan.
Wonten malih kang winarna, ana estri apunagi, sapungkure lakinira, nggene kesah mangun jurit, asanget teki-teki, tanpa klasa lamun turu, kalawan tanpa bantal, nora kemul lamun guling, ujarira sasangine pan mangkana.
Ing benjang sun turu klasa, su kakemul lamun guling, karangulu nganggo ingwang, yen rahayu antuk unggul, lakine karaharjan, datan wonten kawis-kawis, langkung suka manahe wanita ika.
Nanging lakinira mangkya, kawarta yen mangke rabi, tawan selir ing kadhatyan, dadya susah tyasing estri, nglocita jroning galih, sarwi denya ngusapi luh, ujare pan mangkana, yen mangkene awak mami, tanpa gawe nggoningsun atarak brata.
Apa tanpa karya brata, dene malah niniwasi, menang yuda mboyong tawan, praptaning ndon banjur rabi, wong ayu jroning puri, yekti lamun ayu luhung, satemah tanbuh ing tyas, rinarasa bubrah ati, temahira thukul panas ing wardaya.
Ana malih kang wanita, sawiji duk myarsa warti, yen lakine rabi tawan, tawan saking jroning puri, ananging nora dadi, rusak rudahing tyasipun, wanita ika nora, dadya tyase awit saking, piyandeling driya nora nana liya.
Kajabane sajroning tyas, denya antuk sihing laki, prasasat ingela-ela, ajuring tyasira estri, pan ingsun ngandel yekti, iya sihe lakining sun, lir tumplak marang ingwang, sun tohaken awak mami, ngawuleng sun mring kiyai nora wang-wang.
Araning sun iki iya, rabi nggone ambeyani, nuku retna lan kancana, sarta weruh bapa bibi, lan kadang warga sami, ramen-ramen panggihipun, masa ta yen kariya, nggone rabi tawan iki, nora ana her tawa angasorena.
Lawan toya ing sagara, ya ta wonten estri malih, sampun antuk anak yugo, tuk warta iku ngucap, nadyan rabi laki mami, olih tawan masa ta ndadak laliya.
Iya marang awaking wang, nadyan laki marang mami, nora laki marang anak, watekane laki mami, kalamun aneng panti, nadyan purik lakining sun, yen anon mring atmaja, ngigel-igel aneng ngarsi, enggal sirna rengune kalawan ingwang.
Marma iku ingkang dadya, jajaruman ingsun yekti, iya lamun mengko prapta, pasthi gupuh awak mami, angemban suta nuli, ingsun sandhingaken lungguh, darapon den lilinga, neng ngembanan nggone ngliling, pasthi dadi suka pirenaning karsa.
Apa dene yen ngambunga, mring anake laki mami, nolih ingus ya ingaras, anak nulya den tanpani, den ajak pisan mami, mring pasup tan mapan kemul, kiyai pan mangkana, watake yen lungan prapti, marma yogya dimen nuli gek praptaa.
Ana malih kang wanita, langkung denya nawung kingkin, yen lakine wus kawarta, rabi lawan ayu luwih, milane anglangkungi, prihatine estri iku, dene ta maksih bocah, dereng wanci among resmi, mila bingung gek ing benjang kadi paran.
Ana estri malih ika, lakinira dereng prapti, tansah denya ngadi raga, ambalonyo sari-sari, wawedhak pupur sarwi, atatpel lawan jamu, mrih rapet kang wiwara, kaukub ing dupa wangi, rasa sewu pangolahe mring sarira.
Jaba jero dipun olah den lukari sinjang tapih, tekan ingkang tinapihan, kabeh sami den akubi, wus dadya ngolah ragi, asare ing tlundhag watu, akaton sanget lesah, tuwi api-api sakit, awit saking denya kangen marang priya.
Mangkana ing karsanira, pangucape jroning galih, yen tekaa gustining wang, muga-muga ingsun iki, den sangenana nuli, aneng jroning jinem lulut, mendah ta sukaning tyas, yen kalakon prapta benjing, den sangeni raras ruming pagulingen.
Enengena ta winarna, sagung janma Suranadi, ingkang sami, mangkana ta kang winuwus, praptane Batharendra, sing payudan menang jurit, umung ingkang swaraning tabah-tabahan.
Nalikane sampun prapta, aneng pura Suranadi, tansah denya akasukan, sagung wadya Jawata di, dinulur angin milir, wadyabala Jawata gung, adhahar sagung rasa swarga di, ingkang dadya dhadharan pra Jawata.
Salebete mangun suka, ingkang winarna ing tulis, denya sami ginem raras, tan lyan amung Sang Pamadi, tetep pamadeg aji, ganjarane denya unggul, mangun prang lan Niwata, laminira madeg aji, apan amung pitung ari pitung dina.
Denya mukti bau dhendha, aneng jroning swarga di, wau Risang Dananjaya, petangipun ing saari, kalawan ing sawengi, beda lawan petungipun, lawan ing madyapada, sadinane lan sawengine, sawulane etunge wong madyapada.
Ing sawarga mung sadina, sawulane wong ing bumi, dadya reke petangira, jumeneng mung pitung ari, ing madyapada nenggih, pitung wulan petungipun, wit beda tandukira, madyapada lan swarga di, beda-beda pan duk petunganing mangsa.
Duk samana sakehira, pra Jawata ageng alit, miwah wau sagungira, pra nayaka Jawata di, pra samya kinen mijil, marang bale watangan gung, sadaya ngestokena, Sang Harjuna madeg aji, pepek sagung resi lawan pra Jawata.
Widadari myang sogata, Dyan Harjuna sampun prapti, munggeng singangsana retna, busanane wus cumawis, kaprabon narapati, Sang Harjuna sampun ngrasuk, kapraboning Kaendran, amakutha binuka sri, karawistha saharsa rinaja-raja.
Sasmpune karawisthan, papatihe raja peni, wus angrasuk wastra mulya, lungsunganing naga pati, Hyang Antaboga nenggih, sinulaman nakaluru, nila sasra ludira, sinawung ing manik-manik, Sang Harjuna anglir Bathara Prawata.
Amepeki sagungira, ingkang sami angestreni, Hyang Bathara Ramayana, Kuwera lan Baruna di, satata denya linggih, singangsana manten terub, arame tatabuhan, kang pradangga lawan beri, angrarangin kala sangka rum kapyarsa.
Prapta sapta pra Jawata, ngadeg ngarseng Sang Sinu sih, Sang Nararya Dananjaya, pra Jawata ingkang prapti, Bagawan Naradadi, kakalihe Sanghyang Patuk, Hyang Kano kaping tiga, lan Bagawan Sang Hanggesthi, kalimane Risang Bagawan Tambura.
Kaping neme Sang Janaka, kapitu Sang Jamadagni, iya Risang Prasurama, samya rame asasanti, maleter dingkik-dingkik, sarwi molah jangganipun, mesem-mesem ngungudang, cikrak-cikrak angideri, nggenya lenggah Sang Prawira Dananjaya.
Cerik-cerik wuwus jaya, resi pitu denira ngling, mangkana jun inten prapta, pitung iji isi warih, ratuning sagung warih, kang kinarya lamun adus, lan pitung kendhi setya, isi rasa-surasa di, angluwihi rasa pan ratuning rasa.
Wonten malih ingkang prapta, pitung wadhah sosotya di, isi klalaripun wulan, apan sami warni warih, kalamun purnama di, dadya tirta kamandhanu, lan weninge sosotya, keh salikur ingkang prapti, ejun kendhi isi her geni sadaya.
Wus minantran iku samya, lawan ingkang prapta malih, kang pupu lon sinasotya, nawa retna adi luwih, isining wukir alit, keh wowohan dhaharipun, Bathara Nilakantha, wowohan rasa luwih, dhedheg aneng ngarsa Sang Dananjaya.
Tangeh lamun ingucapna, lalangening Suranadi, Harjuna neng Ariloka, samangkana kang winarni, nalika bayangkari, lawan widadari pitu, dhaup lan Dananjaya, Hyang Endra wus marentahi, binusanan waranggana pitu pisan.
Sang Nararya Dananjaya, apan sampun kinen linggih, munggeng made waranggana, ing papreman sosotya di, pan sampun busana sri, waranggana kang pipitu, manggene ing deksina, munggeng aneng wisma manik, ingkang kilen enggene Retna Supraba.
Wilotama ingkang wetan, ingkang ler Sang Warsiki, Sang Surendra kidulnggennya, tiga pisan tengah mungging, Harjuna wau prapti, neng pamadya made luhung, pinethuk ing wastrendah, kampuh randhi tulya asri, pinggir carma ing dewandaru utama.
Pra Jawata wus bibaran, ingkang sami angestreni, kang jumeneng Ngendraloka, sawusira ngagem nyamping, pamethuk langkung adi, nggih busaneng reh kaprabon, kang nampa waranggana, lamun nuju kundhur nangkil, neng jro pura ngagem cara kastriyan.
Tulya srining pura retna, Sang Harjuna ngennya linggih, aglar ingkang upacara, sinawung ing widadari, siniweng gangsa ngrangin, gandeng dupa sru kumukus, amor ruming kum-kuma, wonten duta ingkang prapti, nenggih wara Menaka angraras driya.
PUPUH XVI
M I J I L
DUTANIRA Risang Surengpati, mangke ingkang kinon, angesrahken sagung ganjarane, pitu pisan kang pangawak ratih, wara Menaka ngling, muwusaken dhawuh.
Lag Sang Parta andika tampeni, waranggana kaot, kang Sinuhun Jeng Enra karsane, nglastarekken punagining jurit, sirna ripu tuwin, yudanira unggul.
Widadari kapitu linuwih, ingkang sami kinon, angrencana nguni mring dhewekw, Ni Supraba kinarya pangarsi, Wilutama kalih, malih tunggilipun.
Warsasini lan Surendra dewi, rarasing kalangon, kang titiga sumosor citrane, mung sihira marang sang siniwi, dimen dadya kanthi, cuwaning tyas lipur.
Ngendrakila brangta prapteng mangkin, yayah lir anglamong, mila sami lipurena kabeh, pitu pisan putus raras resmi, Ngendrabawanadi, tan na kang kadyeku.
Sawusira dhawuhira titi, dheku sang wira nom, Ni Supraba miyarsa anoleh, Wilutama amangsuli liring, elok lamun mami, tampi sih rumuhun.
Yekti kakang Supraba rumiyin, prapteng ing kalangon, denya sampun katrima karyane, dinuta mring Niwata ngrampungi, nggening pati urip, risang yaksa prabu.
Keni dening Supraba ing nguni, wusnya Dewa tinon, Wilutama mangsuli liringe, sigra Dewi Supraba ngewahi, ukel dipun rukti, sumrih gandanya rum.
Retna Wara Maneka lingnya ris, dhuh Sang Petu babo, Jeng Sinuhun iya timbalane, aja ana ingkang salah kapti, dipun sami gilik, aywa kadi maru.
Barang tingkah den rempek ing pikir, poma den kalakon, sira yayi Supraba den sareh, sira ingkang kinarya pangirit, tinut bage ing sih, amrih asih lulut.
Keh solahe pitu widadari, ana ingkang tan boh, ngayang batin ngrakit sarirane, wenenh ngidung ing basa kakawin, ana nguwik siti, asarwi tumungkul.
Wenenh ana suren-suren driji, sarwi alon, sukur babo dhingina resmine, lamun kari ingsung bisa ngeksi, solahe karon sih, saking intening sun.
Sun dulune saking ali-ali, katon kang karongron, muwus malih Nara Menakage, Ni Supraba sira ingkang dingin, bubukaning resmi, sira kang wus wanuh.
Lawan Raden Pamade ing margi, duteng sang kinaot, paran marma nganggo ewa mangke, Sang supraba sigra marepaki, marang tilam sari, duta anut wangsul.
Dananjaya alon atut wuri, marang sang lir sinom, tepas wangun sumandhing linggihe, Sang Supraba ewa maleroki, iki wong gumampil, teka milu lungguh.
Sang Harjuna mesem anauri, dhuh-dhuh dewaningong, anglampahi kawula tegese, ing timbalan Sang Mahasiniwi, kinen adadasih, mring Sang Widasantun.
Kinen ngestu pada risang kadi, Sanghyang Candra ngayom, ingkang kadi lintang sosotyane, ingkang pindha teja angawengi, astanira kadi, gadhing angunguwung.
Dananjaya sigra marepeki, Sang Dyah angalih nggen, mingser neser lir ngunggar dryane, Dananjaya ngayuh madya nuli, dipun tamplek nampik, asta sru kuwangsul.
Parta nesek denira angungkih, dereng tyas mamrih ndon, Supraba gung ngedohi linggihe, Sang Harjuna mriyembada aglis, raras magalaning, ngrakit ing kikidung.
Gya mamangun ing pralambanging wingit, mirah pujaningong, inggih paran dosane abdine, kinendelken kinunjareng, liring, dene kumawani, gusti dasihipun.
Gepok dede karseng Sang Dewati, mangke awakingong, baya nora siram salmine, lamun nora kum-kumaning sasi, datan pupur gusti, lamun dede menur.
Nora jamas-jamas sira gusti, mirah langeningong, lamun dudu iya kumbahane, lintang langit lawenane sami, awor sari-sari, teja lan kukuwung.
Lan ramene gustiningsun iki, ketel ijo, madu brangta ijo nyamber ilen, mendah wruha wong madyapadeki, akeh slah pati, udan lara busung.
Wit mbadhedheg mulat sira gusti, raras mring kalangon, nora bisa ngupaya sirangger, temah busung nora bisa mari, tyase ngolang-aling, leng-leng lalu linglung.
Baya sira gusti datan lathi, yen tan mutyarang jo, kekerikan jumerut ginawe, kinum kilang sawindu dhuh gusti, wuwu-wuwuh manis, manasaken kalbu.
Sang Supraba kataman mamanis, rarasing kalangon, pinrih kongkih aringkih rangkahe, meh katitih titirahing tapih, maras esmu miris, raras sru karebut.
Wastra kontal wentise kawingkis, katon cumalorot, kadya emas ginangsur kilate, lir jumerut otote kang wilis, maweh sureng kapti, denya amrih lulut.
Sang Supraba tansah pongah-pangih, angga sru kaleson, wawan-wawan angrebut padone, poncot sinjang tan keni tinarik, pedhes ingkang driji, ngrebut-ngrebut wangsul.
Asru ngesah tangkise tan polih, klimput tyase kepon, miwal asta kontal sru katampel, kih-ingungkih temah rebut titih, tangkis datan polih, pandome tumanduk.
Sru gumelap wentis lir kudhuping, sekar cempaka nom, katerasen ilang salagane, gung sinungsung cahya sasi, Parta miyat maring, netya Sang sumaput.
Ilang tyase pangungrume tapis, tatas mring kalangon, mung anyipta tanduke wastrane, sengkut amrih glis praptaning kapti, Sang Dyah minta aris, aywa gupuh-gupuh.
Tangeh langening turidaning sih, prapteng ing karongron, langkung katrem saka rongron sihe, kadya rahsa jro supenan kalih, kasok tyas liru sih, jalu estri ngungun.
Langkung carem resmine kakalih, rarase kawuron, angga liyu kaliyu layone, amnggalaning rahsa anumpeki, mulek ganda amrik, ngrampas wosing madu.
Luwar kongkal lan Wara Dewati, netya sawang layon, mingser bilih tinarka kasuwen, marang nggening Wilutama aglis, sinjangira muntir, kuwur tindakipun.
Cethinira amethuk nyaosi, toya munggeng bokor, pra Jawata sami hurmat kabeh, kendhang gonge pradangga senggani, ngudanken wawangi, rame ingkang ngidung.
Sang Supraba merang den hurmati, rengu jroning batos, renguning tyas kawruhan resmine, liringira andik semu runtik, nanging wuwus manis, anglir madu juruh.
PUPUH XVII
DHANDHANGGULA
Wus sosotya Sang Wara Dewati, pan ingayap cethi munggeng ngarsa, tebih elet ing tilame, mring wetan dalemipun, Wilutama mangke wus prapti, Sang Parta mring papreman, rengganing pangungrum, datan beda mring Supraba, wusing purna gantya mring Surendra resmi, nutugken ing asmara.
Nulya ngaler ngetan Retna Warsiki, wusnya purna nggennya mong asmara, widadari sakantune, cinatur ngalih dalu, gilirane pra widadari, pan amung Sang Supraba, ingkang tigang dalu, tampine ping dwi sawulan, ngalih dalu kapitu pra widadari, Supraba tigang dina.
Keh lalangen rarasing swarga di, pan sinebut Sang Endratanaya, Endraputra sisilihe, ngadhaton ing swarga gung, pan ingayap siyang myang ratri, sagunging waranggana, dene kang pipitu, ingkang mangka garwa nata, pangayape kang pinatah pitung iji, sumewa saben dina.
Wewah-wewah waskitheng tur titi, parikrama Risang Dananjaya, lir kajiman sasolahe, saliring aprang putus, wuwuh wirotama ing jurit, pinunjul ing manungsa, den mong dewanipun, yen sumiweng Sanghyang Endra, pan winulang ing wijaya-wijayanti, lepasing saradibya.
Sakathing para Jawata di, samya mulang kaprawiraning prang, weh prabawa kasurane, pan sampun warisipun, Dewa iku mumuruk bangkit, kalamun prang priyangga, Dewa ting calulu, ampuh lamun amumulang, lan ngideni gunane Jawata luwih, kalawan weh nugraha.
Duk samana wiwit tyasnya wingit, Sang Harjuna yen kalane tampa, Sang Supraba gilirane, anggung denira nyatur, marang garwa Sumbadra dewi, yen tampi Wilutama, garwa kang cinatur, Sang Palupi garwanira, yen kilen angginem Sumbadra dewi, amirip sang Supraba.
Wilutama kadi Sang Palupi, anggung nyatur ing rikala masa, sanityasa panyature, saking kadang warga, tuwin lawan ibu, tan lipur mring kawibawan, Dananjaya meleng denira mong wingit, nanging gung sinasamar.
Batharendra sampun ngudaneni, kingkinira Sang Endratanaya, gung rinoban kamulyane, marasing driya lamun, minta mantuk tan prapteng janji, punagi pitung candra, mangke kang winuwus, Empu Kano samudana, aprasaben tingkahira ngiket kawi, wiwaha paripurna.
Tan lumembak pangalaping wangsit, panulade Empu Yogiswara, Empu Kano sasmitane, winuri wiranipun, Yogiswara kang den luluri, basuki bisa basa, bakunireng tembung, wau ta Sang Endrasuta, anuwuki sasolahe among resmi, ngecani waranggana.
Tinimbalan mring Hyang Endra prapti, anetepi sampun pitung candra, dipun edus kasektene, Sang Parta kinen sampun, anginggahi ingkang rata manik, lan kinen ngayat raras, mekak talinipun, denya ngayat mring gandhewa, amet barat panglepase kang jemparing, binobot kanang barat.
Keh kedhiking angin kinen sami, angin bedhol lan angin panulak, angin bereg lan panampel, lan angin kang pamusus, sakathahe kang guna sekti, kawignyan kabudayan, jaya-jayeng pupuh, wusnya kabeh paripurna, amit nembah Dewa kang nimbali nguni, kang kinen ngaterena.
Lawan sinung nitih rata manik, benjang yen wus prapteng prajanira, sigra medhun rata nggene, angkate sru gumuruh, widadara lan widadari, angater njawi lawang, dene ingkang laju, apan amung Erawana, sampun lepas udhune Raden Pamadi, kang kari ing Suwarga.
Sru tontonen sagung widadari, sanggen-enggen sami kaonengan, tan lyan Parta pandulune, katongton solahipun, kabeh sedhih kabubuh agring, sinungsung ing sungkawa, susah sru amuput, widadari pitu ika, apan samya enget solahireng resmi, marang Sang Dananjaya.
Patang dina pitung dina maksih, sasmbate widadari samya, karungrungan ing driyane, de Parta pesatipun, saking Kaendran apan ta kadi, anglir tinilar pejah, sumpek sebel samun, tyasing para waranggana, kuneng sambatira sagung widadari, lampahe Sang Harjuna.
Sampun prapta ptajanira mangkin, cumundhuking pada dalamakan, gya sumembah ing padane, mring kalihipun, ari kalih samya nungkemi, lir mega ngemu jawah, udan kapatipun, semi sagung taru lata, wijah-wijah suka kadang warga sami, tuwin wong sanagara.
De pratandha cahyanira salin, miwah antuk kang sanjata dibya, Pasopati pamungkase, gagaman donya sagung, kasor dening Sang Pasopati, lan rata nawa retna, langkung adi luhung, luwih saking tri bawana, samya eca tyasing raka lawan ari, sawarga suta wadya.
—ooOoo—
T A M A T
Sumber : Mintaraga Arjuna Wiwaha, Resi Kano, Balai Pustaka Jakarta.

MINTARAGA; ARJUNA WIWAHAN(3)

PUPUH XII
P A N G K U R
Kapungkur reh semanging tyas, Sang Harjuna lega raosing galih, pangupayeng tyas kacakup, pejahe Sang Niwata, samangkana karsa karya gelaripun, kang supadi dadi gendra, dennya karya amrih sandi.
Sigra minggah mring gapura, gapurane wiwara den anciki, sing kancana gapura gung, dinedel sigra rebah, swaranira sayekti lir gunung bentur, rebahireng gapura, angrebahi para cethi.
Ingkang sami eca nendra, aneng soring gapura kancana di, dadya geger sru gumuruh, wong sajro dalem pura, samya nangis kagyat sira Sang Aprabu, marmanipun Sri Narendra, de salami tan na wani.
Duratmaka manjing pura, tata harja ing Ima-ima nagri, katgadeng tyas Sang Aprabu, sumeleh Sang Supraba, dadya supe pasihanira sang Prabu, marang Risang Retnaning Dyah, lagya mengker Sri Bupati.
Sang Supraba sigra kenas, mring gagana nulya pinapag aglis, dening Risang Parta sampun, mesem Wara Supraba, aningali mring Harjuna dennya methuk, ingkang kadya esemira, wau Risang Wara Dewi.
Dene Prabu Yaksa Dipa, sampun keni dening upaya sandi, rikalane oter wau, sajroning pura nata, ana matur pawongan marang Sang Prabu, atur uninga semana, dhateng Sri Bupati.
Lamun mangke Sang Supraba, binekta mring Harjuna tan asari ananging ta tan rinungu, ature pra pawongan, pijer sanget krodhanira Sang Aprabu, dening sasat kaecalan, pati urip Sri Bupati.
Kabekta mring Sang Supraba, nyawanira Risang Niwata Aji, yun binuru dene sampun, lepasing lampahira, sang Supraba wus prapteng ing amun-amun, sakalenget Sri Narendra, lamun kenging ing piranti.
Sasandine Sanghyang Endra, sawusira mangkana sigra prapti, balanira Sang aprabu, prapta sami sakala, lan ing dalu wau praptaning wadya gung, de sang Nata sru sangsaya, manahira datan lirip.
Mandar sru denira krodha, sang Niwata dukanya tan sipi, anglir gunung geng Semeru, ndhatengi krodhanira, sapraptaning wadyabalane sang Prabu, uwus sami siyageng prang, tan anganti dhawuh aji.
Ngalun-alun Ngimantaka, sampun bentet dening wadyabala wil, jejel seseg ngalun-alun, mbalabar marang pasar, seseg pasar amber mareng lurung-lurung, seseg dening keh gagaman, awit wadya ingkang prapti.
Wau risang yaksa Dipa, neng bacira apan sampun kapanggih, parepatan mantrinipun, sira Sri Naranata, pangurakan swaranya gurnita umung, swara gora sru gumerah, tatabuhan munya asri.
Beri puksur lan gurnita, kalasangka umung swara melingi, anggreng swareng bala umung, kalawan tatabuhan, kadi gelap sayuta swara gumuruh, surem Sanghyang Andakara, sru mawelu bagaspati.
Gagamaning balanira, Sang Niwatakawaca amranani, anglir pindha baskara gung, ngujwala keh gagaman, wus kuncara sajagad lamun pinunjul, diyadine ing payudan, pra bagalba sureng jurit.
Lamun ngetog ing karosan, kelar nanting dipangga telu sisih, bisa amet tyasing wadu, tan ana antuk rengat, yen paparing risang Niwata puniku, anglir kang bunderesira, pangganjaring rina wengi.
Tan ngemungken mantrinira, kang ginanjar dening sang ditya aji, dalah wonge mantrinipun, lan tekeng bala rucah, myang pakathik miwah dhuda randha sinung, para miskin kawaratan, tan na ingkang den liwati.
Tuhu luwih anggaganjar, Sang Niwata mring wadyanira sami, lamun ana karya agung, miwah yen metoni prang, datan ana kang purun kantun wadya gung, tekeng para dhuda randha, wadon tumur mangsah jurit.
Wonten dene mantrinira, Sang Niwata papat kang sureng jurit, trahing wira wiring pupuh, araning mantri kapat, Sang Duskreta Sang Kradaksa tiganipun, Sang Wiraksa jangkepira, Sang Kalarawaktra nami.
Tan na braja kang tumama, bebet saking ingkang ibu kakalih, dene ta kang kalihipun, bebete saking bapa, apan asring ginagulang ing prang pupuh, mila kalok ing triloka, angulama ngraket dasih.
Pan mantrine sang yaksendra, mantri papat ingkang ananggulangi, ambedhah mring Surenglayu, amboyong waranggana, myang wong Ngendrabawana sadayanipun, puniku kang nanggupana, dadya tanggulanging westhi.
Nisthanira Sanghyang Endra, dennya amet sraya manungsa mangkin, mila mangke karsanipun, anglurug mring Kaendran, pra Jawata Suralaya dimen mungkul, karsanira sang Niwata, amboyonga widadari.
Samangkana wus samekta, Sang Niwata sigra mangkat tumuli, mijil saking puranipun, lampahe Sri Narendra, sang Niwatakawaca busananipun, lir satuhu Sanghyang Nila, duk lagyarsa nglebur bumi.
Anitihi ratanira, rata inten narapati, rinarengga abra murub, lir daru gebyar-gebyar, lalandheping kikipinging rata iku, kedi landhepireng braja, ye kamangka kang pangirit.
Gajah ageng sirah buta, binusanan siyungira kawingkis, gumrit rata swaranipun, kang kambah anglir belah, dening ratanira sang yaksa prabu, saking genge ingkang rata, alon sareh gyan lumaris.
Ngarah-ngarah lampahira, wit agening sarira Narapati, kang ndherek neng rata ngriku, apan ta dewanggana, widadari: dewanggana tegesipun, kang anguswa pujengira, mangku suku den wedeni.
Asalaya tegesira, seje lire salaya den tegesi, beda-beda ingkang mangku, ing suku tengen kiwa, para widadari ingkang sami mangku, anyat iku teges nyelak, amrani mecut nenggih.
Karaneku dipun pelak, age prapteng ing don papaning jurit, saking panasing tyasipun, sang prabu Ngima-ngima, dadya metu geni netyanira murub, sira risang ditya raja, ayun age tempuh jurit.
Samangkana lampahira, angebegi marga agung seseg pepet, saking kehing balanipun, yayah tan keni ngetang, leksan kirnan kehing punggawa gul-agul, sami dennya nitih wagra, singa esthi gadrba di.
Lawan nitih kang sangkara, pra punggawa lamun tempuhing jurit, tutungganganira liwung, angamuk milu aprang, wonten dene tengranira Sang Aprabu, iya risang yaksa raja, sru gumregut ingkang baris.
Kacarita tengranira, carmanireng Antaboga ngajrihi, dipun jait sirahipun, wau kang ponang naga, kehing tengran apan sewu wolung puluh, sinebut ing manik toya, ageng-ageng ngrespatani.
Sawawengkonipun tengran, pan ingeka warnane tuhu asri, sagung tengran warnanipun, upama ingkang tengran, lir kukuwung ngebegi jagad raya gung, angajrihi tiningelan, maweh miris mungsuh atis.
Dene mantri kang kinarya, cucuking prang sanjata mantri kalih, Kredaksa lan Duskarsa nung, apan nak ndulurira, apratignya pejah siji loro lampus, kembar warnanireng tengran, lan titihanira sami.
Kalih sami putranira, sang Sodapa lan Gandapraba kalih, yaksa kao agemipun, angangge sarwa endah, sarwa luwih sarwa mubyar sarwa murub, mangkana kang para dtya, tuhu lamun karya wing-wrin.
Duk samana kacarita, ingkang dadya pambarepireng baris, sumrek seg-seg kang lumaku, rebut ngarep ing lampah, wus wateke yaksa tan sabar ing kayus, ana ngambah ing gagana, ana nunggang rata adi.
Ana dene tengrasnira, kang kinarya kulit gajah jinait, dipun seset gadhingipun, wigyane pra raksasa, kulit gajah kang kinarya umbul-umbul, kadi mendhung ngemu warsa, gadhing tulya ngilat-thathit.
Kang minagka pupungkasan, para wadya mantri ingkang rong iji, apan kembar warnanipun, Wiraktra Kalawaktra, sami nitih matengga kakalihipun, ngagem gada inten mubyar, dhadhasaring gada wesi.
Ingkang munggeng wuri pisan, sang Niwatakawaca narapati, lan prajurit sudibya nung, pra samya ngayap-ayap, mangersari aneng kanan keringipun, para mantri pan sawrda, tanpa petung pra wadya lit.
Tegesipun kang sawurda, apan sewu leksa lamun winilis, sakethenge leksan iku, liyane wadya nata, kang minangka tengran kulit sima iku, den seseti wulunira, bubuntute katut angin.
Sru kumelap wulu singa, katingalan lir aluning jaladri, dene ingkang aneng pungkur, danawa ababala, dereng pedhot wedalipun pra wadya gung, saking kori ing sayatra, dene bala kang rimiyin.
Sampun prapteng Suralaya, sigra dennya prasamya tata baris, suprandene ta ing pungkur, pan maksih selur medal, saking kutha saketheng para wadya gung, mbalabar lir tasik bena, kang kaparak sirna bersih.
Nggempur alas jurang-jurang, banyu-banyu asat kambah bala wil, tan na alas kang kadulu, akebak dening ditya, kayu rubuh keneng angin lesus, prabawane sang Niwata, kalut keles dening baris.
Pan kaelut kaedegan, dening gajah jaran rata lumaris, saking bala gung lumaku, lir lindhu ngampak-ampak, udan adres awon gelap lawan ketug, tuwin lesus myang prahara, prabawaning narapati.
Kala dutaning ngayuda, apan kasor wong Ngima-ima benjing, telas sakeh balanipun, dening wong Suralaya, apratandha watu guntur pucuk gunung, ing Semeru tiba marang, kidul arga den dhawahi.
Duk samana telas risak, jajahaning wong Suralaya tapis, ing Kaswargan lir ginempur, rinempak dening ditya, tan winarna solahe wadyabala gung, kang sami ngrusak jajahan, sadaya sru brangta kingkin.
PUPUH XIII
ASMARADANA
Sigeg gantya Dyan Pamadi, prapta lawan sang Supraba, arsa laju maregake, nggennya uwus antuk karya, ingutus Sanghyang Endra, nandukaken upaya nung, sasandining pangupaya.
Risang Parta matur aris, matur marang Sanghyang Endra, pan mangkana ing ature, dhuh pukulun Sang Bathara, pun Parta tur uninga, mengsah ditya sampun rawuh, yaksa endra sang Niwata.
Asabala tata baris, akukuwu pamondohoken, kidul ardi Semerune, dhuh punika Binathara, wus sedheng yen siyaga, mila mangke dasihipun, anut paran karsa tuwan.
Jajahan keh sampun tapis, temah kambah dening mengsah, kang saweneh ngili reke, ngungsi pada Binathara, ing mangke paran karsa, punapi ta kang kinayun, mung sumangga Binathara.
Sanghyang Endra ngandika ris, heh Harjuna wruhanira, sira kang sun anti kiye, dene wong ing Suralaya, wus sami mepak yuda, sangkep sagung gamanipun, kari nganti kang parentah.
Dene mengko karsa mami, ye ku mungsuh ingkang prapta, tan sun papag age-age, sedyaning sun ngekup kutha, balik wong desa-desa, ingkang durung ngili iku, kabeh padha den enggalna.
Malebuwa kese sami, kabeh sami dipun reksa, dening para Jawata keh, mulane sun kon manjinga, wong desa mring Kayangan, iya saking becikipun, kutha jagang Suralaya.
Marma wruhanira kaki, mungguhing wong mumusuhan, kaki Parta sayektine, amarani pinaranan, tan ana bedanira, apan padha karepipun, ngarepaken pati uga.
Karanane mengko iku, dudu ngekep jroning kutha, ing paprangan upamine, den kadi mong angeng guwa, angel yen pinejahan, balik aneng jaba iku, rare angon bae bisa.
Amateni anglarani, marang singa kang neng jaba, matur Citranggada age, dhuh pukulun Binathara, kalamun karsa tuwan, yen angekep kang kinayun, masa borong padukendra.
Nanging amba mangke inggih, darbe atur pamrayoga, dhuh Bathara saestune, duk punapa pra Jawata, yen ngekep unggul yuda, duk samanten Jeng Pukulun, linurugan Prabu Boma.
Pra Jawata amedali, mung angekep jroning kitha, pra Jawata temahane, kasor nuli sung pratandha, punungkul mring pun Boma, widadari sami katur, marang sira Prabu Boma.
Kaping kalihipun malih, duk paduka linurungan, mring Eawana atmajane, Dyan Indrajit ingkang nama, inggih Sang Begananda, ngekep kitha duk rumuhun, inggih kasor pra Jawata.
Sang panungkul widadari, duk punapa menang yuda, lamun ngekep kitha bae, mangka mangke karsa tuwan, angekep jroning kitha, sampun kathah tandhanipun, dene tansah mung kasoran.
Tanpa tuwas yen ginalih, aluwung yen medali prang, dereng katon sor unggule, mangka para kulawarga, samya gung kasangsaya, mila ulun kami purun, matur mareng padukendra.
Kang makaten yen sumawi, lamun mengsah sampun prapta, wonten kidul Semerune, leheng nunten pinaguta, pinethukaken ing prang, lamun mangke munten campuh, dwi prakawis panedira.
Kang kariyin ingkang nagri, datan risak dening mengsah, antuk kalih paedahe, pra kawula angsal papan, tan sompok papanira, angsal omber tiyang dhusun, mila yogya pinaguta.
Apan sampun tata sami, sadadameling ayuda, pened nuli campuh age, aprang wonten jawi kitha, lah dene sapunika, ingkang panggah ing prang ulun, masa ndadak mindho karya.
Pra Jawata Suranadi, saha wadya wetah ayam, datan wonten was manhe, mapag mengsah pra raksasa, dhasare Risang Parta, uwus antuk tuwan utus, anandukken budidaya.
Anggenipun lampah sandi, mamrih ingkang pejah gesang, punapi ta kuwatose, mengsah lawan ditya raja, campuha ing ayuda, ingkang dadya boting pupuh, prang Niwata lan Harjuna.
Sawusira matur titi, sigra Risang Batharendra, mijil saking Kayangane, apan nitih wahananya, gajah pun Erawana, pan ingiring Jawata gung, lan sagung wong Suralaya.
Lamun dipun sawang yekti, warnanira Sanghyang Endra, dennya nitih wahanane, dirada pun Erawana, rinengga sarwa retna, sayekti lir gunung apyu, lawan ngasta kanang bajra.
Sinongsongan sungsun katri, munggeng aneng nginggil liman, Batharendra ing lampahe, kang kinarya songsong tundha, rambute kang garudha, pindha jaladara mendhung, ngemu warsa saupama.
Yen winawas ing suwarni, sira Risang Batharendra, duk lagya nitih esthine, satuhu lir Hyang Haruna, amimba Sang Acala, kang parbata tegesipun, harunane Bagaskara.
Duk samana sampun mijil, Batharendra gya pinapag, dening Dewa Resi kabeh, sami saking ing gagana, mumuji jaya-jaya, swaranira langkung umung, dennya muji Resi Dewa.
Estu wida angastuti, warnane pan kadi udan, sinemeni upamane, myang swaraning resi gana, ing wau kang kapyarsa, amelingi swaranipun, prabawane Batharendra.
Yen ta lamun metu jurit, karya geter ingkang mengsah, yen jinarwan ing tegese, udan awor lawan panas, awuntu kang bawana, tatabuhan beri umung, karengeng sing antariksa.
Kang lumampah aneng ngarsi, nira Risang Batharendra, wadya para Dewa kabeh, ingkang aran durandara, tegese durandara, pra panyutra tegesipun, ingkang nate ginangulang.
Sarehne wong mangun jurit, kehe pirang-pirang laksa, sami ugi panganggene, kulambine saking carmaning taru-taru emas, gajah meta corekipun, kinakitir ing kancana.
Dene tengranira kadi, mega mendhung ngemu warsa, tinatepi ing thathite, wonten dene kang minangka, pangarseng Sanghyang Endra, agul-agul prawira nung, wau Risang Citragada.
Anithihi rata manik, wahanane Citranggada, sarwa retna rarenggane, kalawan cacahing bala, sawurda kathahira, yen cinatur kathahipun, sawurda pan sewu leksa.
Sikepira pra prajurit, sami nyangking tamengira, anglir yun banda-bayane, ing sajuru-juru nggennya, atata titi atap, traping wadta datan wor suh, apapanthan enggenira.
Kang minangka tandha sami, umbul-umbul warna abang, Citrangganan kabeh wonge, ndaludaging para wadya, sinawang lir wangkawa, akakantha emas murub, dwa jalabra tiningalan.
Dene kang sumambung wuri, nira Risang Batharendra, Citrasena paparabe, gagamane raras ika, nitihi rata emas, lungsir abang prabotipun, sagung ingkang wadyabala.
Risang Citrasena nenggih, wadya lawan sikeping prang, wong sawurda sami ngangge, pan malela kang gagaman, tumbak lan suduk pedhang, abir lawan dhuwungipun, miwah kang malela.
Apan sami wus undhagi, langkung wasisi olah pedhang, ngilat thathit gumebyane, kilat-kilat keh gagaman, weh maras kang umiyat, lir soroting Hyang Sutengsu, anelahi sabuwana.
Ingkang anambugi malih, wuri sira Citrasena, nenggih putreng Hyang Endrane, warujune Atmajendra, tungguling pra Jawata, Jayantaka parabipun, rata kapur tinitihan.
Rinenga-rengga asri, rata kapur : kang winarna, yeku lintang atas reke, mesi brani warnanira, tur iku mawa ganda, ruming ganda langkung merbuk, lir kasturi sru angambar.
Dwajanira kang winarna, seta pulasireng dwaja, sing carmaning kakayone, dewandaru kang kinarya, tengeran mring Jayantaka, rinarengga adi luhung, ingumpalan rukmi mulya.
Sugandaning rata amrik, kongas ingkang ratus ganda, maweh enggar jroning tyase, sagung ingkang para wira, anggege tempuh yuda, panggih sami sureng kewuh, datan nedya ngundurana.
Kang mbarepi sagung baris, pra Jawata pipilihan, ingkang dadya ing pamuke, dadya kalih barisira, saparo wong sayuta, panganggene adi luhung, cacapingan kancana bra.
Sami sikep tomara di, ingkang munggeng ngayunira, sikep raras Jawatane, ngiwakaken ing colika, nengenken sepawatra, ababaju saha rukuh, miwah topong kencana bra.
Bajotatren langkung asri, linambaran ing kancana, awit sekar kancanane, ginagubah tibeng jaja, awedhak mamentahan, sing kasturi ganda arum, kasenenan Sanghyang Surya.
Dene ingkang aneng wuri, pamungkase pra gagaman, Sang Harjuna ing lampahe, rata manik tinitihan, pangiridireng rata, Mahatali aranipun, mila Mahatali nama.
Datan lawan den pecuti, amung ati pecutira, wus nggraita sakarsane, wonten dene dwajanira, wau ta Sang Harjuna, lungsir pethak dwajanipun, wawayangan Sang Harjuna.
Yen kasorot dening rawi, tumibeng mring dwajanira, wawayangan ing katone, kadi lamun ciri nyata, wayangan Sang Harjuna, yen dinulu warnanipun, kadi citreng Sang Harjuna.
Dene ta kang munggeng ngarsi, ngarsanira Sang Harjuna, pra gandrawa anem-anem, nedheng lagya tumambirang, pra samya nitih rata, nenggih raras sikepipun, sangang ewu cacahipun.
Widadari ugi ngiring, nulya ingkang para wira, sami nitih diradane, kathahira mung sayuta, gumolong lulumbungan, yen dinulu ting janggunuk, dene wurining dirada.
Wong anunggang kuda sami, winicara kathahira, pan sawurda ing kathahe, sami sikep towok samya, dinulu asri raras, kang minangka dwajanipun, nenggih saking lar garudha.
Bra markata yen ingeksi, anglir mega nglimput surya, akakantha lad-alade, kalamun den upamakna, lir lidah neng aldaka, ngalad-alad abra murub, kadya ayun mamangan rat.
Ana dene kang winarni, pangawating bala kuswa, Citrarata paparabe, senapati ngadilaga, myang sagung pra Jawata, ing Kaendran sadaya byuk, umiring Sang Harjuna.
Glaring lampahira sami, wau ta Sang Batharendra, durga byuha panatane, lampahireng para wadya, lir toya ambalabar, angebegi lurung-lurung, jejel pepet yel-uyelan.
Sampun dennya medal sami, wau wong ing Suralaya, mijil saking kayangane, ambarubul tanpa kendhat, lir langit arsa tiba, sami mandhap lampahipun, mring Semeru suku arga.
Kumrap lampahireng baris, lir segara ngawang-awang, seg-seseg nglangit rubuhe, kumedhaping pra sanjata, lan kenyaring gagaman, lir andaru sagang ewu, tidhem soroting Hyang Surya.
Amawelu Sanghyang Rawi, kasorot sagung gagaman, tinon kadi upamine, gagaman wong Suralaya, mijil saking Kayangan, ngambah dharat lampahipun, kadi lamun Sanghyang Siwah.
Duk akarya jagad nguni, kanang jagad pitu ika, lebur tumpur sakabehe, gunung gempur dadya tegal, kambah mring gajah kuda, sadayane temah ewu, kaedegan wadyabala.
Kuneng lampah sampun prapti, pabarisan Suralaya, lambung gunung Semerune, ingkang leres kidul ika, de Sanhyang Surapatya, sampun ngrakit baris agung, sagung wadya Suralaya.
Lawan sampun mawas sami, pasang rakitireng mengsah, para Dewa sakathahe, anut gigiring aldaka, ngideran sagung bala, kang pangarsa sampun tempuh, tan na arsa ngundurana.
PUPUH XIV
D U R M A
Duk kapapag wau baris Suralaya, kalawan pra raseksi, campuh ing ayuda, prang sami cucukira, keh ginanyang yaksa sami, wadya Jawata, rinempak mungsuhe wil.
Tan antara praptane ingkang sanjata, pangarseng kang para wil, wadya sang Niwata, kot buta tandangira, rinabaseng tan nasari, wadya Jawata, ingungsir mungsuh aglis.
Kang saweneh mungsuhira binalenan, pra yaksa datan aris, nora nganti prentah, tengerane tininggal, gagamane ngantya lali, tandang kot buta, lan tangan angakahi.
Pan mangkana tandhange para danawa, sru kagyat denya meksi, wadya Suralaya, dadya keh kaplajar, gila mungsuh mring para wil, pinelak ditya, Jawata samya wingwrin.
Katingalan dening Bathara Endra, yen cucuking prajurit, sami kapalajar, sigra Sang Batharendra, denya nabuh tengran nitir, karya reh gelar, titindhihing ajurit.
Sang Harjuna minangka senapati prang, kanthinira ing westhi, nami Citrarata, anjaga senaparya, anitihi liman nenggih, parlu rumeksa, Harjuna denya jurit.
Wus lumirig lampahe wong Suralaya, sumedya mrepak jurit, ya ta lampahira, wus tekeng ing payudan, ana ngangsu ngambil warih, awit palagan, tan ana toya wening.
Mila tanpa toya dening kagunturan, paprangan kang winarni, watunira atap, kiwa tengen paprangan, apa geger kang neng ngarsi, wong Suralaya, warata kang pangarsi.
Pan arata ngayune para raksasa, ingapit jurang sugil, ngungkuraken jurang, jero myang kayonira, kyeh widara tepung eri, karyaning Dewa, denira masang sandi.
Palayuning yaksa sampun pinasangan, mring Dewa Suranadi, karya reh sangsaya, kang saminitih kuda, samya kinen aneng wuri, apan mangkana, denira masang sandi.
Kang minangka pangawat Sang Citragada, pangawat ingkang kering, ingkang aneng kanan, sira Sang Citrasena, Jayantakanira kanthi, lawan Sumarma, prasamya amiranti.
Yen kalojok mungsuhira pra danawa, sang wira kalih sami, nangkep kering kanan, gelare wus prayoga, panatane rinarakit, gelar ingaran, ngun-angun den wastani.
Sasmpuning dadi gelaring ayuda, kumeraping kang baris, wadya bala yaksa, tengara sru tinatap, anggurnita kapiyarsi, tabah-tabahan, sru umung amelingi.
Rame pareng lawan pangriking danawa, garjita kang miyarsi, saha ngamah-amah, kalamun ingupama, swaranira yaksa angrik, lir glap sayuta, pan kadi nengker langit.
Asenggani lawan panggriting swandana, pangriking kuda esthi, paguting kang swara, krebete kanang dwaja, larap-larap siyunging wilis, tuhu lir kilat, kang mulat sami wingwrin.
Lir sagara bena tandanging danawa, kot buta datan aris, anglir lindhu ngarga, satengahing payudan, bumi rata kadya gonjing, kadya ngiyuna, bumine mirang-miring.
Awor lesus Sanghyang Meru anglir rebah, lir kocak kang jaladri, areg ing Kayangan, nira Hyang Brama rengat, gya sumahap pareng angrik, bala reksasa, kang munggeng gunung sami.
Pareng ngamuk tan ana ingkang tinaha, tandanging pra raseksi, magut para wadya, Jawateng Suralaya, sru sumengkut datan wingwrin, campuh ing yuda, Jawata lan raseksi.
Lir sagara tempur lawan guntur arga, anempuh padha wani, Dewa lan rasaksa, tan ana ngucap uwas, langkung rame denya jurit, datan parungyan, swaraning gong lan beri.
Miwah sara kumaresek tibanira, ramening pagut jurit, kuwel lawan kantar, kontal konta kumleyang, angenani turanggesthi, lawan sasambat, kang badhe tekeng pati.
Lan pangadhuhira wong keneng sanjata, akeh kang apupulih, seseg marga-marga, praptaning jawi kitha, sigra denya tempuh jurit, langkung bramantya, Jawata lan raseksi.
Wus kawuri sagunge gagaman yuda, uculing kang hemparing, tulup ganjur rebah, totowok datan kena, wus talobeh tanpa kardi, dening gagaman, kang kanggo ing ajurit.
Katga lawan tomara campuh ing yuda, asalin towok lembing, nges-egesira, asalin saut samya, dinadedel-dedel genti, lali gagaman, banda-binanda sami.
Wenenh ana tetek-tinetek kang yuda, mati sing patrem keni, pan serang-sinerang, ana jambak jinambak, pranging yaksa lan dewa di, elong-linongan, akathah ingkang mati.
Raksasa kang sura pejahe sawurda, liyane kuda esthi, rata tan ingetang, wus pindha gunung bathang, anyagara kanang getih, jroning paprangan, saweneh klebeng getih.
Mentas saking jro getih anulya mangsah, wau ta pra wadya wil, nangkep ing ayuda, sisihe perangira, resi gana neng wiyati, anon samana, kaplesat sing wiyati.
Tempuh ing prang gaganane Suralaya, amurub temah agni, mubal ngalad-alad, marang ing Suralaya, sru kapireng Jawata di, atukuo karna, sarwi ndedel wiyati.
Wus kalojok prangira bala reksasa, kalebeng gelar sami, nangkep gelaring prang, kang dadi paniyungnya, saking kanan saking kering, kalih Jawata, Sang Citragada tuwin.
Citrasena saking kiwa Jayantaka, gundam-gundam raseksi, denya kapepetan, kang saking gigir arga, kuwur-kuwur pra wadya wil, kemput kinepang, dening pra Jawata di.
Temah tis-tis sagunging bala reksasa, saweneh ngamuk sami, amrih kiwuling prang, ananging tan tuk daya, kaslepeg mring jurang trebis, kang yun tulunga, keh mati kedek sami.
Kacarita raksasa sing dirgantara, sumedya tulung jurit, kancane kang tiwas, kang arsa tinulungan, sumahap lir mendhung keksi, ditya ing wiyat, anulya den jemparing.
Mring Sang Parta ing panah Sarasampata, saktine kang pinusthi, Sarsampatanya, sanjata siji dadya, angebegi awiyati, keneng raksasa, luwih kehing jemparing.
Kirang yaksa suprandene Sanghyang Endra, nusuli panah malih, panah Sang Harjuna, wau kang sinusulan, telas sakehing wadya wil, ingkang neng tawang, gempuran tibeng siti.
Mangsah malih mantrine sang ditya raja, prawira papat nenggih, kalih sami nami samya ; Krudaksa lan Duskersa, jinemparing Hyang Endra glis, pejah sakala, raksasa kang rong iji.
Dyan umangsah Wiraktra lan Krawalaktra, anulya den jemparing, dening Risang Parta, ing panah Saradibya, sami pejah tan ngundhili, Wiraktra lawan, Karalawaktra mati.
Ramening prang danawa pejah sakirna, tegese kirna iki, iya sewa wurda, dene ta pra danawa, ingkang sami nami mantri, luwih sayuta, kang mati madyeng jurit.
Sapejahe mantri ditya kapatira, anulya neseg malih, wau pra danawa, marang wong Suralaya, sang Niwatakawaca ji, pareng tumingal, balane tumpes-tampis.
Tanpaingan denya mangun tiwikrama, lir pedah angga wukir, sanget krodhanira, wau ta sang Niwata, denirarsa apupulih, mangsah ing rana, sadaya samya ngiring.
Duk amulat lamun sang Niwata mangsah, sakehing yaksa sami, kang wus kapalajar, pra samya wangsul sigra, datan ana ngucap ajrih, risang Niwata, angamuk tan nasari.
Sanget kruranira sang raksasa raja, ngamuk sru mobat-mabit, ngisis wong Surendra, larut mirut sar-saran, kathah soklahireng aji, ngamuk manengah, lir braja nempuh warsi.
Kang kacandhak ana ingidak kinemah, gulune sru pinuntir, saweneh tinekak, wau ta panahira, sang Niwata saking sekti, mijil sing tangan, wedale kadi riris.
Weneh metu saking dibya, myang saking wulu mijil, nurut wulu ngangga, weneh ing cangkemira, datan pegat denya mijil, tumaduk mengsah, mbalasah bosah-basih.
Telas ingkang gajah rata lawan kuda, kinarya onclang sami, bandhem maring mengsah, kang keneng kasulayah, pra Jawata bosah-basih, tan na tumanggah, sinepak ngobrak-abrik.
Kang saweneh ana pinerang adegan, lan ana kang den bukti, lawan dipun mamah, pra Dewa kasulayah, nanging Risang Parta maksih, ngadeg neng rata, rengganing rata manik.
Lawan muja sanjatane Pasopatya, anulya mesu budi, neges karsaning Hyang, sakala wus katrima, rep-rep sirep sigra mijil, ingkang pawaka, wetune saking ragi.
Mijil agni saking rageng mring awang-awang, lir sagara ingkang agni, melet ulatnya, lir kadi sundhul langit.
Tan tumiba sakala agni neng wiyat, tibanira nibani, sagung bala yaksa, ngarsane sang Niwata, bebas ditya gung kabesmi, kuda dirada, tanpa sesa suh besmi.
Telas tapis sagunge bala raksasa, kabesmi Pasopati, sigra sang Niwatakawaca ngadeg sira, aneng tengah awu agni, bala raksasa, lan sanget mesu budi.
Duk samadi sakala sang Sri Niwata, anedha den turuni, marang Hyang Berawa, katrima ing panedha, rep-rep datan suwe mijil, bala raksasa, sing tutu sang ditya ji.
Kehing bala raksasa apan kuciwa, bala ditya rumiyin, mangke ingkang medal, sing tutuk Sri Narandra, lawan galak-galak malih, bala kang sirna, apan ta galak mangkin.
Tiwikrama malih sang Niwata, sariranira kadi, ageng saprabata, lir tuhu Hyang Berawa, dalah ratanira ugi, mindhak agengnya, kaping tri mesu budi.
Tiwikramanira malih sang Niwata, amijilaken agni, saking raganira, linepasaken sigra, mring Sang Parta sanjatagni, sigra Sang Parta, samadi maladining.
Ya ta prapta agni marang Sang Harjuna, tumampeg ingkang agni, marang Sang Harjuna, agni nir tanpa daya, sagung agni tanpa kardi, dhateng Sang Parta, kang tuhu sura sekti.
Duk samana wau wong ing Suralaya, sru miris denya uning, marang saktinira, Niwata maharaja, pra Jawata mlajeng sami, datan panon rat, Sang Parta datan kari.
Katut grubyug pelayune Risang Parta, sayekti jroning batin, karya pangupaya, pi-api kapelajar, linut dening pra wadya lit, lawan datan sah, linepasan jemparing.
Saparane ingoyak-oyak sanjata, warnaning sara sami, cakra myang musala, tomara miwah kunta, lan candrasa limpung lori, datanpa kendhat, nggenira anglepasi.
Sang Niwatakawaca trustha kelintang, dening Sang Parta ugi, tumut kepelajar, kalangkung denya suka, neng luhuring rata manik, risang Niwata, astane anudingi.
Sarwi ngundha-undha sanjata tomara, pan sarwi muwus aris, ho-ho-heh si Parta, waksa tumangguh yuda, dibya temen sira iki, wani amapag, iya ing sakti mami.
Sun arani waninira iku uga, anglampus nedya mati, mungsuh lawan ing wang, yen ingsun upamakna, heh manungsa sira wani, siranggo marga, mulih mring tepet suci.
Pan mangkana wuwuse prabu Niwata, mring Risang Parta sakti, dene sang Harjuna, wus suwe denirarsa, niyangaken sanjata ji, saking Jawata, kang aran Pasopati.
Saha yoga mantra penglepasing sarah, tomara sang ditya ji, marang Sang Harjuna, waspada Risang Parta, gya tumempuh tomara mring, slireng Harjuna, pan lagya nglayang nenggih.
Kang tomara duk nglayang gya cinandhak, kinempit anglir keni, dening Sang Harjuna, gumujeng sang Niwata, aneng luhur rata manik, giya-nyukakak, mulat mring Sang Parta kanin.
Wit marganing Harjuna nglir keneng sara, denya non yaksa aji, langkung amarwata, sukeng tyas sang Niwata, mangkrak alok-alok keni, mangsa mindhowa, sapisan bae mati.
Pan kasilip prabu Niwatakawaca, denya gung sukeng ati, mangkrak-mangkrak krura, sru mangap asusumbar, denya miyat Pandhusiwi, giyak-uyukakak, jiwagra katon mangkin.
Sang Niwata tan dya pinanah sakala, dening Sang Parta keni, seseg kang sanjata, tutuke sang Niwata, niba sampun angemasi, aneng ing rata, satuhu ratu linuwih.
(bersambung)

MINTARAGA; ARJUNA WIWAHAN(2)

PUPUH VII
DHANDHANGGULA
Mangkana Sang Parta matur aris, dhuh pukulun sembah ingkang manungsa, mring Bathara satuhune, katur njeng Sang Sinuhun, apan reke pukulun ugi, ing sembahipun Parta, manggen dunungipun, pan ing mangke tembenira, sembahi pun Parta tan alyan ugi, sagunging sembah-sembah.
Apan sembahing manungsa ugi, lir angganing kadi tahen ika, kang umijil, sing agninira, upami tahenipun, ingkang mpada Bathara nenggih, kang mangkana agninira, amnungsa pukulun, apan datan kwasa nembah, mung amuji nenggih kawula puniki, kalamun datan ana.
Sihing pada Bathara sayekti, sajatine manungsa punika, kadi menyak upamine, pan menyakira iku, mijil saking wong muter nenggih, denen ta kang minangka, janma muter iku, sayektitine Hyang Bathara, kang minangka menyakipun datan kalih, manungsa madyapada.
Sang Harjuna angastuti malih, byapi-byapa ika tegesira, byapi iku wisesane, byapane tegesipun, kang misesa puniku nenggih, nggih pada Sang Bathara, matmanipun iku, dening pada Binathara, sagung sari ing cipta misesa yekti, nggih pada Sang Bathara.
Datan agal lamun dipun pinrih, padeng Sanghyang datan mprmpring agal, miwah ala lan ayune, neng ngriku dunungipun, dening pada Bathara ugi, alanggeng dunungira, jagdira iku, nenggih pati-uripira, lan langgenge orane manungsa iki, mapan neng karsanira.
Karseng pada Batrara anenggih, sagung janma tinitah neng donya, sangkanira lan ulihe, ing mangke tembenipun, saking pada Bathara ugi, pinangka lan duknara, manungsa puniku, nembah malih Risang Parta, dhuh pukulun upami manungsa iki, yen arsa ngawasena.
Maring pada Bathara sayekti, upamine anggane kang wulan, nimba madyeng aiyate, wonten ta gatha telu, wadhah tiga puniku ugi, satunggal isi toya, wening ingkang ranu, wawadhah kang kadwinira, isi toya langkung letuh ingkang isi, wadhah kang kaping tiga.
Tanpa isi toya kang satunggil, sami katon marang ingkang wulan, wawayangane wulane, sayekti katon iku, mring wawadhah ingkang aisi, her wening manggenira, katon yen dinulu, cetha rupanireng wulan, kang tumiba ing wawadhah ingkang isi, toyane letuh ika.
Wayanganing wulan iya keksi, kang tumiba mangke aneng wadhah, kang aletuh toya reke, pan sami katinipun, wawayangan wulan puniki, nging datan katon cetha, sabab toya letuh, wonten dene kang tumiba, ing wawadhah ingkang tanpa isi warih, tan wonten katingalan.
Awit wadhah nora isi warih, wayanganing wulan datan ana, jer si wadhah suwung bae, sayektine yen suwung, yeka tandha sagung dumadi, minangka kanyalaan nyataning Suksma gung, kang tumiba wadhah toya, ingkang bening tegese iku sujanmi, rahayu manahira.
Kang netepi puji lawan bekti, ing Bathara dene kang tumiba, wadhah letuh ing toyane, manungsa kang kadyeku, ingkang rago manahe ugi, kang ayun ora-ora, marang penedipun, ewadene kang tumiba, mring wawadhah ingkang nora isi warih, manungsa kang mangkana.
Ingkang mungkur mring Bathara iki, kang ngayunaken amaregi pangan, lawan karem turu bae, tan towang sahwatipun, nyandhang ngangge ywa kurang malih, mangkono lamun janma, sami sato tuhu, sato mani namanira, liring sato mani lamun den werdeni, sato wenang pinangan.
Kamulane manungsa puniki, nora kadi sami angolaha, marang yoga brata mangke, mangkana wuwusipun, Sang Harjuna malih ngastuti, pun Parta dhateng pada, nenggih Bathara gung, katemune lan manungsa, lamun padha Bathara nemokken inggih, sangkaning pangawikan.
Dereng dugi denya angastuti, Risang Parta marang Sanghyang Siwah, sigra wau andikane, anenggih Sanghyang Guru, heh ki Parta putrengsun kaki, lah uwis tutug sira, pujinira iku, muga sira linuwiha, saking para satriya kang luwih-luwih, lah iki kaki ana.
Nugrahengsun marang sira kaki, candu sakti saking Wimbasara, candu sakti ing tegese, iyeku klalaringsun, Wimbasara tegese iki, kalalar ingsun uga, kang we sanjata nung, de arane kang sanjata, kang ingaran sanjatengsun Pasopato, sun paringaken sira.
Tan anatara ana agni nujil, sing astane Hyang Bathara Siwah, de kang agni suwarnane, arupa danawa gung, ngindhit panah Sang Pasopati, mara mring Sang Harjuna, duk praptanipun, ngarsanira Risang Parta, agni ilang sampun sumarira maring, sarirane Sang Parta.
Wus tinampen ingkang Pasopati, sarta sampun antuk kanugrahan, awawarah Bathara ge, Bathara Siwah wau, ingkang angsung nugraha yekti, dhumateng Sang Harjuna, nulya duk ing wau, sawuse nampeni raras, lan makutha Sang Harjuna anampeni, piwulang sarehira.
Ingkang aji jaya-wijayanti, danurdara sing sanjata dibya, luwih-luwih sadayane, pan sinungaken sampun, mring Sang Parta sampun tinampi, telasing kanugrahan, Sanghyang Siwah wau, sung nugraha mring Sang Parta, nulya kundur ingiring Jawata luwih, Sang Parta wus tinilar.
Sapungkure Sanghyang Siwah nuli, tumalawung manahe Harjuna, kaluwihan kang den angge, saking Hyang Rudra iku, kang mangkana pan nora dadi, bingahing nalanira, malah sangsaya sru, wewah-wewah prihatin tyas, Sang Harjuna marang Bathara linuwih, prayoga iku uga.
Tinelada lalabetan becik, ingkang sami teki-teki ngarga, kang winarna reh gatine, saweneh sagung manus, datan nganggo apotang teki, dhumateng ing Jawata, teka ngenthu-enthu, denya minta mring kawiryan, kasigihan lan minta kasekten luwih, marang ing Dewanira.
Yekti lamun tan tinaken sami, awit saking datan mati raga, dene minta Batharane, pan ora ana iku, potangira mring Jawata di, abrata yoga ora, nyegah pangan turu, datan ayun kirang pangan, sumbalinga yen tinekanan dening, marang Hyang Siwahbuja.
Malah saya kabalebet ugi, iya marang rajah lawan tamah, wong mangkono panganggepe, dene wong olah kayu, yekti ayu ingkang pinanggih, miwah wong olah tapa, awon kang tinemu, sapa ingkang mati raga, kabecikan tiruwa tapane ugi, Harjuna tinulada.
Samangkana henengira malih, Sang Harjuna aneng ing patapan, kangen marang ibune, kang kantun neng praja gung, kangen kadang-kadang sami, ing ngriku Sang harjuna, nedya arsa mantuk, panggih marang ibunira, lawan kadang-kadangira kabeh iki, mangkana Sang Harjuna.
Anglinging tyas yen mantuka mami, sing asrama iki lamun teka, wus ana panusule, iya mring awakingsun, andikane ibu ing benjing, myang kadang-kadanging wang, lamun arsa nusul, iya marang raganing wang, sru sumaput kangene Risang Pamadi, marang ing ibu kadang.
Risedhenge Parta arsa mulih, nulya wonten widadari prapta, mung kakalih siki kehe, saking ing Surenglayu, punika ta duteng Dewadi, nenggih Hyang Batharendra, dene praptanipun, kinen panggih Risang Parta, tinimbalan minggah maring Suranadi, namane waranggana.
Risang Harjuna nami, ngampil gitanira Sanghyang Endra, sinung marang Harjunane, kalawan malihipun, babektane pra widadari, ambekta kang rasukan, Antakusuma nung, lawan caping Basunanda, lan tarumpah pada Kacrema anami, sinungken mring Sang Parta.
Pan mangkana layange tinampi, mring Sang Parta layang Batharendra, gya winaca age-age, sinukma raosipun, pan mangkana ungeling tulis, heh kaki Parta iya, iki layangingsun, dhumawuha marang sira, kaki Parta marma mengko sun timbali, praptaa Suralaya.
Nuli sira mangkata tumuli, dipun kerit marang dutaning wang, aywa tanggung sih ta angger, dhuh kaki marang ingsun, marmanira sun undang kaki, dene sun kadhatengan, mungsuh reksasa gung, sang Niwata Maharaja, iku sira dadiya tangguleng westhi, pejahe yaksa raja.
Sang Niwatakawaca den mati, lamun pejah iku sang Niwata, saking sira jalarane, kalangkung sukaning sun, de sanjata ingkang mejahi, kang aran Pasopatya, yeku pringipun, Hyang Siwah kang marang sira, sampun tamat denira amaos tulis, wau ta sang harjuna.
Ri sampune denya maos tulis, Sang Harjuna karaos, tyasira, rehning kinen minggah mangke, dhumateng Surenglaya, asumengtyas sakala iki, tegese basa suma, susah ing tyasipun, ingkang dadya susahing tyas, Sang Harjuna karaos welasnya maring, dhumateng ibunira.
Miwah sagung kadang-kadang sami, ing pangangen-angene sang Parta, saking sanget sru kangene, kang lunga lan kang kantun, kumembenging waspa duk mijil, tas kraos teles waspa, adres wijilipun, mangkana Sang Herawana,lan Sang Braja wruh lamun Parta prihatin, kangen mring kadang garwa.
Nulya matur Sang Herawana aglis, lang Sang Bajra dhateng Sang Harjuna, raden kula sayektine, anedha sang binagus, ywa sanedya tyasira mangkin, samenggah sih andika, dhateng Jawata gung, romanta Sang Batharendra, wonten dene menggah kangen tuwan maring, mring wong sakadang warga.
Den sumene sayektine keni, boten wande mantuk jeng andika, lah puniku sayektine, apan ing Surenglayu, risakipun pan boten Keni, kalamun sinemayan, age dika tulung, mupung mangke dipun enggal, lamun boten tinandangana tumuli, risaking Suralaya.
Inggih raden atur kula malih, mring paduka kalingane mangkya, kadilamun dika mangke, pan arsa boten gupuh, tindak marang ing Suranadi, kalamun mangke dika, boten atutulung, dhateng rama jengandika, sayektine sakit punapa pinanggih, kang boten dipun sandhang.
Dhateng janma Suralaya mangkin, dene raden amung jengandika, kabeh kang den andelake, tulung mring kawlasayun, mung kasekten andika ugi, kinarya andeling tyas, marang sagungipun, titiyang ing Suralaya, datan wonten malih kang den anti-anti, inggih mung Risang Parta.
Pan mangkana duta matur titi, Risang Parta kakenan tyasira, temah trenyuh jroning tyase, ndhatengken welasipun, mring Bathara Endra tumuli, gya adan arsa pangkat, nulya denya ngrasuk, paparingane Sanghyang Endra, klambi caping Basunanda lawan malih, tarumpahing Jawata.
Kasektene Antakusuma di, bisa ngambah aneng dirgantara, widadari paparinge, kakalih siki wau, sarwi mbekta raras respati, saksana Sang Harjuna, sigra denya mudhun, amit Hyang-hyanging pratapan, angabekti Sang Parta mring Hyang wukir, arga ing Rndrakila.
Tanpa yoga semadine mangkin, Sang Harjuna mila tan ayoga, asemedi sing gepahe, tampine ingkang dhawuh, minggah dhateng Suralaya di, wau ta Sang Harjuna, nulya pangkat sampun, saking nggene tapanira, Sang Harjuna kamitolehen ing galih, anilar mring pratapan.
Prapteng lambunging acala nenggih, sinembah mring taruning cemara, munggeng gigir jurang nggene, cemara wreksa agung, lawan peksi merak manyajrit, aneng tirahing jurang, nenggih esthanipun, panjriting merak punika, panangising alas puniku upami, Harjuna kesahira.
Wus kalingan mega neng wiyati, sampun lepas lampahe Sang Parta, ngetan wau ing puruge, den iring lampahipun, dening widadari kakalih, kathah kang kaungkulan, desa-desa agung, lamat-lamat katingalan, sing awiyat lampahira sigra prapti, praptaning Suralaya.
Sang Harjuna duk lumakyeng margi, Suralaya sagung kalangenan, ing swarga lir mbagekake, marang kang nembe rawuh, lawan wonten kadhaton keksi, madyaning ngawang-awang, wisma geng amunggul, kadhaton sri rinarengga, luwih saking warnaning kadhaton sami, wastane kang kadhatyan.
Tinjomaya limrah den wastani, nanging dereng wonten ingkang gadah, kadhaton di sayektine, dene ta estunipun, kadhaton di punika benjing, pan ingkang ginagadhang, lamun wonten besuk, pra satriya sureng brata, kang ndarbeni nila taksih suwung mangkin, puniku kang cinadhang.
Samangkana Sang Parta tanya ris, maring Bajra lawan Herawana, heh Sang bajra Herawana, pan ingsun tanya tuhu, marang sira kayapa ugi, isine kang bawana, tihanira iku, lintang wulan lan raditya, kayapa ran unggyane sawiji-wiji, apa ta tatunggil gyanya.
Matur Braja Herawana sami, beda-beda punika nggenira, tuwin tebih-tebih lete, tan sami angengipun, katigane punika singgih, enggene luhur pisan, dene wastanipun, ingkang lintang winastanan, baranggana : mila aran lintang inggih, sayekti mung kabekta.
Saking luhur enggene nglangkungi, soring lintang sayekti enggen wulan, soring wulan nggen srengenge, srengenge ngisoripun, ingkang mega ngisore malih, puniku madyapada nenggih tegesipun, dene madyapada ika, inggih bumi : mangkane ature sami, Sang Bajra Herawana.
Kula raden umatur sayekti, mring paduka kang lintang kalawan, nenggih wulan lang srengenge, ing tumpa-tumpanipun, antarane pan tabih-tabih, kang lintang dhateng wulan, wulan amandhuwur, kongsi prapteng nggening lintang, lan mangandhap wulan mring srengenge nenggih, pan sami tebihira.
Tangeh lamun winarneng kakawin, sakathahe lalangening swarga, kalangkungan ing lampahe, Sang Parta duk ing dangu,kadi tingkahireng cangkrami, lampahe Sang harjuna, ataken tanpa wus, mring Braja lan Herawana, pangidhepe Sang Parta lir niningali, langening jro supenan.
Lepas lampahira Parta nuli, katingalan wau kang kayangan, Sanghyang Endra sadangune, kalangkung ngayun-ayun, aneng prabayasane nenggih, amurub marakata, wetan ing Semeru, unggyanira kang kayangan, majeng ngetan ajenging kitha tulya sri, kayangyan Malyatara.
Warnanira kang kari sademi, manik toya sakehing kang lawang, nenggih nyatur deksinane, dene ta warnanipun, kang kayangan surem kenyaring, Hyang Surya lawan wulan, kasor kenyosipun, ginapura saya tabra, wonten dene warnane kayangan nenggih, tan ana tumandhinga.
Rengganing kang kayangan linuwih, gebyar-gebyar sumunu kumenyar, rina wengi sami bae, padhang ing rinten dalu, awit gebyar kang sarwa rukmi, myang retna lan sosotya, ngilangaken dalu, dene wau kang minangka, tengerane raina kalawan wengi, sagunging pra Jawata.
Sekar tanjung kalawan kang peksi, cakrawala dene tunjungira, lamun mekar rina lire, kalamun sami kuncup, sekar tunjung sayekti wengi, dene kang cakrawala, lamun iku nuju, pepisahan lan rabinya, rainane : yen aruntung-runtung sami, rentengen wenginira.
Apan kathah langening panggalih, Sang Harjuna sapaningalira, kang lalangen keh warnane, atangeh yen cinatur, lalangening Suralaya di, wau kang katingal: lan Risang Pandhusunu, denya prapteng Suralaya, Sang Harjuna kinira-kira ing ati, sembahe mring Jawata.
Mring Bathara Endra denya bekti, Risang Parta samana pinapag, widadari pamapage, wus panggih ngarsanipun, kinen laju manjing tumuli, praptane sang Harjana, sigra denya gupuh, malebete mring kayangan, Batharendra : Sang Parta wau duk prapti, mijilkel karsanira.
PUPUH VIII
M I J I L
Praptanira Risang Parta mangkin, ing kayangan katong, saking madyapada sadhatenge, weh enggaring para Jawata di, manahira kadi, sami sagunung kut.
Kadyangganing ingkang trena-treni, tarulata alom, duk katiga pan katunan ing we, asatata ngayam-ayam sami, minta reh turuning, warsa kapat labuh.
Dupi samya amiyarsa warti, yen Sang Parta rawoh, suka ing tyas wong Suralayane, kang minangka ingkang trena-treni, sagung Jawata di, myang lan taru-taru.
Kang minangka labuh kapat nenggih, risang prawira nom, Sang Harjuna nalika rawuhe, sagung ingkang para widadari, mangun sru wiyadi, manahira linglung.
Dadya mangke para widadari, sami ngatos-atos, angrarangu Harjuna praptane, sami ngadhang para widadari, pangungangan adi, bale adi luhung.
Kang minangka sasegahe sami, widadari saos, maring wau Sang Parta praptane, mung manising tingal lindri-lindri, marma dipun kardi, segah sang binagus.
Dene uwis siyaga ing batin, nggennya sami ngilo, jroning carmin anata paese, rebut unggul para widadari, sami anjenenging, mara marek gupuh.
Dhateng bale pangungangan sami, ngadhang mring kang rawoh, Risang Parta, ingadhang praptane, wonten widadari kenya siji, ika tan umiring, ngadhang mring kang rawuh.
Dene kenya sarinira maksih, karsane ywa katon, mring wong priya priyana liyane, pan mangkana karsane kenya di, paes nora apti, surenda tan ayun.
Nging jroning tyas tansah widhag-widhig, waranggana anom, dene ana parane atine, balik lamun tinakken krami, mring sang wau pranti, suka manahipun.
Demeh lukar sinjange kawingkis, teka tan winahon, pan meh kengis ika mamanise, samberilen ginubah rinujit, denya nggubah nunggih, linandhasan kuku.
Mila sasar denira angrujit, mangkya dadya nglojok, awit ana parane atine, panggubahe temah nora dadi, ana wadon malih, waranggana ing kung.
Widadari pipitu ing nguni, sami sru wirangrong, menget marang solah panggodhane, ana ingkang sami jawil-jawil, ana ingkang rakit, sarwi amatut.
Ana ingkang anggubah sari, nanging datan dados, panggubahe tan ana dadine, denya nggubah ingkang widadari, dene tyase sami, kathah purugipun.
Ya ta ana widadari mulih, ndingkik-ndingkik mbolos, nyolong tingal wau tu ulihe, api-api sakite nemeni, mulih apipilis, nanging pinapatut.
Apan wulan tumanggal kang pilis, mulih sru kaleson, laju niba aneng pasuptane, sarwi rengeng-rengeng angrerepi, repen mimiringi, temah les aturu.
Denya sare sarwi ngimpi-ngimpi, mring sang nembe rawoh, kapanggiha sajroning panginpen, ana widadari bisik-bisik, sami rowang neki, sarwi ting keranthuk.
Kadi juti denira bibisik, denya amiraos, aling-aling nenggih papaese, pareng medal sawiji anjerit, siji ngujiwati, lir dyah lawan kakung.
Kathah lamun rinengga ing tulis, solahing pra sinom, widadari leng-leng mring Pamde, wus anjujug Pamade tumuli, marek maring ngarsi, nira Hyang Endra wus.
Mara marek sarwi mangenjali, pada sang kinaot, pan mangrepa, ature bektine, Sanghyang Endra angandika aris, bagya sira prapti, aneng ngarsaningsun.
Lah linggiha kaki Parta ngriki, patarana kaot, den sakeca linggihira raden, marma sira sun undang mariki, ingsun nungsung nempil, marang kasektenmu.
Luberena marang Jawata di, iya karsaning ngong, lawan ingkang pra Jawata kabeh, nora liya kang sun gunem kawis, ana ditya sakti, madeg ratu agung.
Arsa ngalahaken iku kaki, Suralaya mengko, sang Niwatakawaca arane, kasub ing rat guna sura sekti, marma sira kaki, sun met pakaryamu.
Iya olihira iku kaki, denya wus kinaot, ingkang saking Bathara Siwahe, de Niwatakawaca sang aji, datan pejah dening , Resi Dewa iku.
Miwah yaksa tan bisa mateni, ujaring wiraos, iku ana kang mejahi tembe, lamun ana manungsa teteki, iku kang mateni, linge Hyang Swara gung.
Lan maninge kaki Parta nguni, duk ingsun akongkon, ayun ngambil sraya sira raden, wus kawarta marang yaksa aji, risang Niwata ji, Ngimataka iku.
Dadya sarengi Hyang Siwah duk prapti, mindha lir wong kaot, lingsem ratu mbuburu praptane, iku mula Hyang Siwah nedhaki, angsung nugraha glis, iya mring nakingsun.
Marga iku sira uwis olih, luwih sagunging wong, marma mengko sira kaki age, ingsun ambil sraya ing ajurit, risang ditya aji, mapak bala agung.
Wus cumawis gagamaning jurit, arsa pangkat gupoh, denyarsa mring Suralaya kene, pan wus lawas ngayam-ayam apti, karsa anglurugi, Suralaya kulup.
Iku mangke karsaningsun kaki, sira kang katempoh, sun pasrahi nyangga bot repote, rumeksa wong Suralaya iki, nora ana malih, yogya kang tutulung.
Batharendra mangkana dengya ngling, denya amrih tanggon, Sang Harjuna tur bekti ature, dhuh ature, dhuh pukulun dasih ta pun patik, ulun reh tinuding, magut ing prang pupuh.
Amapag prang kasekten ditya ji, risang yaksa katong, pun Harjuna tan lenggana ing reh, mung sumangga karsa sang Dewaji, nadyan prapteng pati, temah remak rempu.
Sayektine sarema tan gingsir, sareh mung sumaos, ing Bathara nenggih andikane, ning pun Parta punika asepi, guna sura sekti, hina karya tuhu.
Upamine pun Parta puniki, mengsah yaksa katong, sang Niwatakawaca yektine, kadi konang amungsuh lan sasi, cebo; nggayuh langit, nenggih paminipun.
Asembawa pun Parta punika, maring Bathareng ngong, yen pun Parta ingabena mangke, lawan nata yaksa sura sekti, nir upaya sandi, paran angsal unggul.
Leh punapi upayaning batin, lawan nyuwun ingong, utusana ngalap mrih kenane, wusnya matur winuruk tumuli, sagung kang pipingit, sinrahaken sampun.
Sanghyang Endra angandika aris, marmane mangkono, dahat sakti risang yaksa rajeng, nora wandenyarsa nglurugi, paksa gepuk prapti, marang Surenglayu.
Lah saiki kaki paran kapti, sira kang sun taros, kadiparan ta kaki yogyane, andelira mungsuh yaksa aji, apa amarani, apa dimen nglurug.
Kepenake nggennya campuh jurit, amung sira mengko, kang sun anti karsanira raden, lan maninge ramanta wak mami, angsung pemut kaki, marang sira tuhu.
Kasektene satuhu ngluwihi, sagung gamaning wong, luwih teguh yaksa raja kiye, yeku darbe ingkang pati urip, lah ta iku kaki, poma dipun antuk.
Unggyanipun kaliwat awerit, lamun prang sang katong, tandhing para Dewa sakathahe, ing benjang yen campuh ing ajurit, paran nggone olih, antukira unggul.
Datan kena ingawaga kaki, unggtan kang gumathok, pati uripira yaksa kiye, marma kaki sira ingsun weling, aywa kongsi sisip, gyanta mamrih lampus.
Ana dene sang Niwata iki, marmane mengkono, denya paksa ngrusak kaswargane, awit saking kacuwaning apti, ana widadari, dadya karsanipun.
Namanira kang dipun karsani, mring sang ditya katong, Ni Supraba iku ta namane, nanging nora sun paringken kaki, amung sun paringi, wadon liyanipun.
Sang Niwata tan panujyeng galih, lamun datan panggoh, Ni Supraba kang den kayunake, ing samangke kaki karsa mami, Sang Supraba nini, iku kang sun utus.
Gelar mara angunggah-unggahi, mring sang ditya katong, kang supaya antuk kajatine, pan kinarya kang upaya sandi, amrih pati urip, dimene kacakup.
De menawa iya den mrih resmi, dipun katon sagoh, ladenana langen njaba bae, aywa weya nggoning pati urip, dipun kongsi keni, aywa sasar susur.
Dipun bisa nggone amrih pati, aywa nganti dompo, sabab iku karyanira raden, kaki Parta sira tuta wuri, lakune sang dewi, amrih madu juruh.
PUPUH IX
DHANDHANGGULA
Sanghyang Rndra denya amemeling pati, mring Sang Parta apan ta mangkana, kaki dipun enget mangke, wewekasingsun mau, lakunira den ngati-ati, angiringaken sira, widadari luhung, poma dipun awasena, jajahane Ima nagri, aywa na kaliwatan.
Miwah jroning lalaren den titi, ingkang ewuh lawan ingkang gampang, awasena iku kabeh, kalawan sira kulup, sun gawani ingkang kulambi, aran Antakusuma, nenggih sawabipun, bisa ngambah jumantara, lawan aji Dreswasadana kaki, ingsun paringken sira.
Aji-aji Dreswasadana di, yen winatek bisa tan katingal, marma sira ing samangke, pan ingsun duta iku, laku sandi den ngati-ati, umiring Ni Supraba, tan weweka ingsun, wit pracayeng sun mring sira, dening sira luputing panca driyeki, marmane sun pracaya.
Lah Pamade ing panedha mami, muga-muga sira antuk karya, lakunira iku raden, ing tembe ganjaring sun, kaluwihan sagung dumadi, sihe wong Suralaya, walesira iku, toha jiwa srana pejah, pang mangkana Hyang Endra denira angling, tur bekti Risang Parta.
Ri sampune mangkana anuli, sinegahan wau Sang Harjuna, amepeki, sesegahe, sagunging dhaharan gung, saking swarga asarwa wangi, apa kang ora ana, uwus aneng ngayun, sewu rasa-rasa mulya, ingkang luwih-luwih sadaya cumawis, neng ngarseng Sang Harjuna.
Amung segah satunggale malih, ingkang dereng dipun segahana, lalangening estri dene, ing benjang wonten pungkur, lah punika ubayeng pati, yen sampun prapteng laya, risang yaksa prabu, praptanira kang ganjaran, tulus mukti Sang Parta aneng Swarga di, lan pitu waranggana.
Tan winarna srining anenami, Sanghyang Endra sawusnya mitungkas, mring Supraba Harjuna, Bathara Endra wau, pinamitan dening sang kalih, Supraba lan Harjuna, pareng awot santun, sumembah mring Bathara, pinapantes pareng mendhak sang kakalih, kadi panganten anyar.
Muwus malih Batharendra aris, mring Supraba lah dipun prayitna, umangkana dipun age, dene ta panedhengsun, babo-babo muga wong kalih, bisa alebdeng karya, lampahira iku, samangkana kang pitungkas, Sanghyang Sakra: sareng jumeneng kakalih, Parta lawan Supraba.
Kalih medal saking njawi kori, kacarita wau lampahira, Harjuna lan Suprabane, prasamya amangun kung, katara ing ulat lan liring, denira sami pangkat, tansah rangu-rangu, ketang ewuh ing lumampah, dene kenya lumampah lan priya adi, wau ta Sang Supraba.
Duk angkate apan semu runtik, ing samangke semu kalingseman, manon bawa sasolahe, manon bawa liripun, merang semu asmareng kingkin, marmane semu merang, kathah raosipun, rumasa yen ora layak, kenya adi lumampah lawan Pamadi, karya sem ingkang mulat.
Sing kapeksa parentahing gusti, nora kena lamun suminggaha, kang cinatur ing lampahe, wranggana ingkang kantun, pangucape pra widadari, ana kang awacana, kaya paran iku, satingkahe Sang Supraba, lakunira karongron lan Parta srimbit, kayapa aneng marga.
Yata sami angambah wiyati, Sang Harjuna lawan Sang Supraba, Sang Dewati lon wuwuse, raden lamun panuju, lah ta ndaweg ndika lumaris, pantes ndika neng ngarsa, kula kang neng pungkur, sampun leres wong wanita, aneng wingking tan wonten sinangga runggi, Parta aris wuwusira.
Dhuk pukulun Sang Wara Dewi, ewet amba yen lumakyeng ngarsa, lamun nemu sisikune, lan malih panedipun, anglugasa ukel sang dewi, tan susah ules dewa, mendah pantesipun, inggih lamun ngliga madya, milanipun Dewati kula aturi, angliga madya tuwan.
Amba ingkang ngawasaken mangkin, ing ruruse madya pakenira,, saking wuri pamawase, tan wonten panedipun, amba saged ngawasken mangkin, kalamun mlampah ngarsa, yekti tan katlisut, masa ndadak yen ilangan, saged ngreksa marang Sang Wara Dewati, wangsul yen kula ngarsa.
Ithik-ithik pasthi amaba nolih, semanging tyas manawa ta ical, angribedi lampah bae, kalamun pakenira, yekti tanpa kewuh, sampun pantesipun uga, mring paduka leres lamun iring-iring, lir abdi panakawan.
Boten larang abdi Sang Sudewi, sampun mungguh abdine Sang Retna, karya kula kula sayektine, lan malih ingkang gelung, sekarira mbok wonten gigrig, utawi, lamun rentah, kawula kang njupuk, punapi ta lamun lukar, ukelira nenggih Sang Wara Dewati, manira ngaruhana.
Sang Supraba mendel tan nauri, Sang Harjuna nuli malih mojar, mangkana ris pamuwuse, pukulun Sang Dewa yu, sun tingali rengu Sang Dewi, katareng dening ulat, katon lamun sirung, manira tan ngraos lepat, langkung awon tiningalan reh lumaris, pened yen gugujengan.
Langkung sae tinonton ing janmi, atur kula boten ngamandaka, Dewati mung sayektine, njawine njeronipun, boten watak pulasan mami, Sang Dewi wruhanira, peteng tyas ngong tuhu, punapa kang madhangena, pan mangkana wuwusira Dyan Pamadi, Supraba saurira.
Ngucapaken liyan kang den angling, Sang Supraba mangke awacana, lah ta raden amba taken, manira tanya tuhu, dhateng pakenira Sang Pekik, ing mangke sampun tebah, inggih gyan lumaku, pakenira kula, inggih saking Suralaya prapteng ngriki, Sumeru wus kawuntat.
Lah ing mangke sampun prapteng budi, lawan malih mangke kula tanya, nenggih pundi lerese, nagari tuwan tuhu, ing Batanakawarsa puri, lerese pundi baya, negri Ngastina gung, Sang Harjuna saurira, lah mbok inggih sampun andangu nagari, prayogi andanguwa.
Sanesipun kadangkna mangkin, baten dados raose kang manah, wangsul tuwan taken mangke, nagari amba iku, ing Batanakawarsa puri, punika ta Sang Retna, kathah kang kagugu, raosing tyas enget marang, dhateng kadang-kadang ingkang sami kari, kang aneng ing nagara.
Lir sinendhal raose kang ati, enget marang kadang-kadang ing wang, raka amba kakalihe, la ari kalihipun, lawan kangen mring ibu mami, tanapi wadyabala, kulawarga sagung, raka-raka pakenira, garwa kula satemah muwuhi kingkin, mangka ta sataning tyas.
Anglipura nggen amba sru kingkin, mesem sira Sang Wara Supraba, mulat liringing tingale, ambleret tur mawelu, sang Supraba raosing galih, jroning tyas asmu merang, sira Sang Dewi yu, ri wusira kang mangkana, lamahira Sang Harya ingkang winarni, kalawan Sang Supraba.
Aneng wiyat sarwi niningali, lalangene ingkang kaungkulan, sing ngawiyat katingale, lowahing gunung-gunung, pipinggire hernawa asri, lumemba ngobak-ngombak, tepi kang kadulu, pandhan-pandhan lan pandhonga, karang liman asri kawurya ingeksi, wonten kang peksi saba.
Peksi kuntul nglayang nglabung ardi, panglayange teka mungu rimang, denya lir sinawatake, warnaning peksi mabur, myang asrining samodra keksi, tinilar dening ombak, mundur kanang ranu, lamun tinon kang muwara, lir tinulis karya sengseming pangeksi, ana kang katingalan.
Antigane aglar wonten tepi, ning muwara katon pethak memplak, winadhahan parangronge, akaton malih wau, puspita kang jajar teping: tasik sekar angsoka, lawan sekar andul, ting karethap maweh rimang, lir winungu brangtane priya lan putri, menget dereng kawedhar.
Dereng wanci wudharing wiyadi, dadya amung cinathat jroning tyas, Sang Supraba lan Pamade, linipur langenipun, wonten malih ingkang kaeksi, tepining kang samodra, nanging sakalangkung, sepi-sepa tanpa janma, teka pantes tinonton saking wiyati, yen dadya paasraman.
Wonten nggene brahmana teteki, yoga broto ngeker panca driya, nenggih pantes dumununge, wong tapa ngidang iku, de puniku dgasare sepi, anggugah jroning driya, nira Sang Binagus, dene mentas yoga brata, saweg luwar antuk nugraheng Hyang Hyang Luwih, kangen mring kadang warga.
Saya tebih lampahe sang kalih, paranira Sang Wara Supraba, kalawan Sang Harjunane, nglangkungi alas agung, ana gajah adus ing tlagi, awaking kang liman, kemule puniku, kemul sekar tarate bang, lan kumuda solahe njerum ing warih, wau ta gajah wanan.
Sukunira sidekung ing warih, tulalene angadeg tur njenthar, sarwi nemburaken ing we, saking ing tlalenipun, wonten dene sato iku warnanira, kadi kidang nanging ules rase iki, arum ing gandanira.
Ngayunaken srengenge yen guling, malah balut mripate katingal, saking tingal tan kumedhep, rupane yen dinulu, kadi wong kang mangun semedi, wau ta Sang Supraba, lampahira sampun, anglangkungi candhi sela, nanging sampun sami risak den tingali, wonten ta bale panjang.
Aneng ngayun candhi den enggeni, nanging sampun katuwuhan wreksa, candhi ukir-ukirane, cuwiring dhapuripun, sami sampun dipun tuwuhi, galagah alang-alang, kadi wong amuwun, warnanira candhi ingkang, babaturing candhi runtuh wus kaendhih, dening witing angsoka.
Ingayunan tuwuh kang nyugadhing, sampun luhur dene wus alama, kang nyugadhing runtuh wohe, runtuh neng keringipun, runtuhane athukul nuli, nyugadhing lama-lama, temah dadi agung, pan manak kumanak, kang nyugadhing munggeng sangayuning candhi, asri yen tiningalan.
Ya ta sira nglangkungi nggen sepi, Ni Supraba lawan risang Parta, tulus tan atinon kuwe, asepi sepa samun, pantes lamun dipun enggeni, marang sang prameng sastra, para luwih iku, manggon aneng konon padha, ewa dene sampun tan ana sujanmi, mung peksi ingkang ana.
Peksi merak kalih jalu estri, mukti sarira ras karasikan, logya anon sira mangke, kilating mega mendhung, peksi ika ngigel respati, tan wruh yen wadonira, aneng pungkuripun, milu ngigel wadonira, sarwi nlisik-nlisik lari ingkang laki, arukun lir pasihan.
Sampun telas satepining candhi, candhi sela uwus kalangkung, Sang Supraba lan Partane, wonten ingkang kadulu, gyaning ajar dipun langkungi, ngadegken kaki ajar, walataganipun, tegese kang walataga, tetengering sang tapa amati ragi, aneng ing pamelengan.
Lagi emeh sacandra kaeksi, denya pati geni risang tapa, aneng jroning asramane, tepining tanpa iku, binatur ing sela putih, ngungkurken geger arga, jurang kang neng ngayun, rupane yen tiningalan, kadi lembu ayun tumurun mring curi, kang anjog ing jujurang.
De payoning patapan anenggih, akalingan awun-awun ika, lamat-lamat katingale, gapuranira munggul, kekemulan ing ima putih, cat katon cat kalingan, rupa kang kadulu, lamun den upamakena, gapurane katingal saking wiyati, gapura ing kaswargan.
Pan ing kono ana widadari, nguni nggodha marang sang pandhita, risang tapa wawangine, Bagawan Trenawindu, ingkang darbe pertapan iki, iku kang binancana, dening wranggana yu, araning kang waranggana, Dyah Arini widadari ika keni, esote sang pandhita.
Sutapane risang mahayekti, tulah sarik tegesing sutapa, pan anandhang roga mangke, Arini sang dewa yu, apan bisu sang kadi Ratih, tan bisa awacana, karsane yun mantuk, iya marang ing kayangan, sanget merang mring rowange widadari, angendhang neng pratapaan.
Mila ngibon-ubon widadari, karsanira enggala rinuwat, nggenya nandhang cintrakane, dene ta karyanipun, ngambilaken agni dupan, netepaken padupan dipun lampahi, kalamun katamuan.
Widadari ingkang ananggapi, panyapane marang tamunira, mung tingale panyapane, agyan ta kang kadulu, kang udaka wimbasing ardi, anggraning kang acala, iline tumurun, anut sukuning acala, wastanipun pratapane sang maharsi, nami arga Jembangan.
Ilinipun toya kumarisik, anjog aneng tengahing talaga, kumukus saben enjange, toyane talaga gung, ing tepining talaga iki, ana kaya angsana, sari lamun runtuh, tiba aneng ing talaga, kang angsana malah tekeng Suranadi, tan pegat mili sekar.
Puspengsana nut ilining warih, wonten peksi jalu estri miyat, mring Supraba Harjunane, katone arunruntung, mila meri sigra anlisik, elaring somahira, suka jiwanipun, kadi age tiningalan, mring sang kalih semana lampahe prapti, langening kang puspita.
Sang Supraba lan Parta samangkin, katon enggar sajroning wardaya, wruh ing sarwa kusumane, pangayun-ayunipun, sagung sekar sami kepingin, supadi ingambila, dening kalihipun, ing mangke saya kawuntat, tan pinethik dening Sang Wara Dewati, keh sekar samya mular.
Apan sami sanget kawlasasih, sagung sekar wus tan katingalen, marang risang kakalihe, wonten kang peksi tuhu, anjrit neng pang isthane kadi, sung wangsit aken rarywan, lunging jangga lumung, aneng marga idhepira, lamun liwat kene sun pulete kalih, satemah nora lunga.
Lampahira Sang Wara Dewati, lan Harjuna apan sampun tebah, wus kapungkur jajahane, wus prapteng watesipun, Ngima-imataka nagari, danguning lampahira, nenggih pitung dhawuh, duk samana Sanghyang Surya, logya ayun tumiling mangilen nenggih, satata tinut ganda.
Lampahira Sang Wara Dewati, wau non ingkang peksi kredha, miber ngarsane rahaden, sang kalih lampahipun, lir anggana atuduh margi, dhateng ing Ima-ima, ya ta esthinipun, wau ingkang alalampah, Sang Harjuna lawan Sang Wara Dewati, anglir mas timbul tirta.
PUPUH X
MASKUMAMBANG
Mireng swra gumuruh sru amelingi, sira sang harjuna lawan risang Widawati, dene swara kang kapyarsa.
Swaraning kang danawa kasukan sami, sanggen-nggen gumerah, para yaksa sukeng galih, swaranira agurnita.
Risang Parta taken mring Wara Dewati, swara kang gurita, Sang Supraba anauri, Raden Parta wruhanira.
Swara gora gumuruh myang nggegeteri, yaksa suka wijah, tatabuhan asenggani, gumuruh sru kapiyarsa.
Sang Niwatakawaca nedhenge mangkin, enggennya mangun suka, mandhi-mandhi sagunging wil, tegese mandi bala.
Abibingah dhateng balane sang aji, denya ambibingah, dene wadya den wewahi, tikel-tikel wewahira.
Wadya seket winewahan wadya sami, nulya pinaringan, arta rukmi busana di, dimen sami den anggeya.
Sarta kinen mbeciki gegaman jurit, sagung sikeping prang, dimen sami den beciki, milanipun asiyaga.
Dene Prabu Niwatakawaca aji, kirang pitung dina, denya arsa anglurugi, nenggih marang Suralaya.
Nanging Raden lampah kawula puniki, lawan pakenira, denya sami lampah sandi, sing kapeksa awaking wang.
Pan ingutus marang Sanghyang Endra nenggih, dadya badan amba, pakeweding tyas ndhatengi, ruwet peteng lalimengan.
Sakalangkung ajrih miyat mring yaksa ji, mangka kinen nemah, ngraketi sarta ngabekti, maring mengsah kang mbek arda.
Lah ta sinten ingkang purun ngujiwati, kinen marek manah, prabu yaksa nggigilani, gung luhur anglir prabata.
Lawan lamun awak kula saupami, ngantos kalaksanan, sajiwa lan Niwata ji, luhung nuli prapteng pejah.
Adhuh lae sinten sakiting pati, timbang nandhang wirang, gesang namung sedhih kingkin, wirang tinon lintang wulan.
Mila mangke langkung pakewed tyas mami, lamun ta lumaksa, tanbuh ingkang dipun ungsi, sinten baya ingung siya.
Pae Raden Pamade manira iku, lamun adarbeya, sanak kadang nguwasani, pasthi ngungsi marang kadang.
Wangsul datan wonten ingkang ulun ungsi, nggayuh-nggayuh tuna, nyandhak-nyandhak tan polih, Raden lire awak kula.
Sapa sinten ingkang welas maring kaswasih, wuwusira lawan, Sang Supraba awor tangis, mingseng-mingseng luh marayam.
Sawusira telas sabdeng Sang Dewati, ya ta Sang Harjuna, aris denya anauri heh Sang Dewi jengandika.
Punapa ta angraos wirang Sang Dewi, dhateng Sanghyang Endra, miwah lamun tan kadugi, anglampahi dhawuhira.
Sanghyang Endra: umareg marang sang aji, risang yaksa dipa, lah punika tan prayogi, sampun ndadak wancak driya.
Sampun darbe semang-semang tyas kwatir, kula ingkang dadya, sipat kandel Sang Dewati, mila sampun tyas sandeya.
Ing satingkah solah paduka Dewati, kula sakti nyata, sandeyaning tyas ta malih, upamine jengandika.
Rinumpaka mring Niwatakawaca ji pinrih ing kalagyan, betah-betahena ugi, masa ndadak sibodhowa.
Sanghyang Endra ngutus kinen lampah sandi, marang pakenira, marma ulatira mugi, ingkang rengu saspana.
Dadya sumeh nging jroning tyas aywa kungkih, lawan malih kula, matur marang Sang Dewati, wus sedhenge mangke uga.
Angrakita wisaya ingkang mranani, marang Sang Niwata, dene lamun sampun keni, ing pangrimuk pakenira.
Marang manahipun sang Niwata benjing, pasthi lamun kena, nyawanipun sang yaksa ji, dening pameting wisaya.
Yogya kadi panggodhanira mring mami, anglir duk samana, aneng Endrakila wukir, aywa ndadak dipun beda.
Sawusira Harjuna ngling anyagahi, marang Sang Supraba, sigra denya ngadi ragi, gelungira ingowahan.
Duk ing wau Supraba ayun tan apti, nggodha sang Niwata, mangke rena sukeng galih, sing wignyane Risang Parta.
Angingimur ature angasih-asih, wau tikelira, alisipun Sang Sudewi, ing samangke dadya suka.
Apan kathah lamun winuwus ing kawi, tingkah pangupaya, nira sang putra-putri, Sang Harjuna lan Supraba.
Sampun musthi weweka upaya sandi, ya ta lampahira, Ngima-imataka prapti, Supraba lan Sang Harjuna.
Aneng taman welahan kendele kalih, sigra samya lenggah, pra pawongan kenya puri, sami ngadhang0adhang marga.
Ing ngudyana wara gyan putri piningit, ingkang kacarita, titiga pra widadari, aneng tamaning welahan.
Wonten ingkang papajangan langkung asri, kadang pasareyan, nenggih ingkang den cawisi, tan lyan amung Sang Supraba.
Mila sepi tan wonten purung nglinggihi, de wau sang Parta, sigra denira umanjing, aneng kalpataru nggennya.
Tegesipun kalpataru kanca nadi, nenggih ingkang ana, jroning langse sutra wilis, kayu-kayon sing kancana.
Ingkang aneng ing ngarsa ageng nglangkungi, angling genging wreksa, Sang Supraba ingkang linggih, sajroning kang pajangon.
Mila manggen kalpataru Sang Pamadi, jagi Sang Lir Retna, denya nandukaken sandi, papasihan lan Niwata.
Kang den ucap supadi kapyarsa titi, tan na kaliwatan, wignya cetha denya myarsi, wusnya manggen Risang Parta.
Duk samana Sang Supraba sampun linggih, aneng papajangan, sarwi ngore-ore weni, rema wilis angrembaka.
Memak muyek rema ngendra wila wilis, wau Sang Lir Retna, sampun ngagem sinjang adi, walungsungan Antaboga.
Warnanira sinjang anglir mas sinangling, mentas sinepuhan, abyor muncar anyeneni, angujawala lir kartika.
Langkung endah warnaning pajangan adi, ingkang lininggihan, dening sira Sang Dewi, iyeku kang arumeksa.
Papajangan apan risang widadari, tiga kathahira, ayu-ayu ngrespateni, ya wau sami prapta.
Widadari katelu pandung kapti, marang Sang Supraba, lawan datan nyona yekti, mangkana ta wuwusira.
Babo-babo sapa ingkang wanuh wani, lungguh papajangan, kadi ingkang den cawisi, angakuwa den pratela.
Praptanira widadari tan udani, marang dyan Harjuna, denya thenguk-thenguk linggih, aneng kalpataru nggennya.
Marmanira widadari tan udani, dene Risang Parta, awit sampun matek aji, kadreswana wus winatak.
Manglemunan Harjuna datan kaeksi, ya ta praptanira, Leng-leng Danu sigra linggih, soring kalpataru nggennya.
Leres pangkon Harjuna dipun linggihi, alon Risang Parta, nangga payudara kalih, mesem ing tyas Sang Supraba.
Sarwi angling marang para widadari, tiga ingesemen, lah ta kakang Prabasini, saprikanca waranggana.
Baya pandung pakenira mring wak mami, ingsung Sang Supraba, gupuh ngrakul ganti-ganti, para widadari tiga.
Mangkana ta lingira pra widadari, adhuh arining wang, Sang Supraba ari mami, ingsun iki paringira.
Sanghyang Endra pinaringaken mariki, ujaring sun iya, kadi sampun wikan mami, iya marang pakenira.
Alon muwus wau Risang Prabasini, marang Sang Supraba, dhuh Dewati ari mami, ingsun tanya marang sira.
Sapa rencangira mariki puniki, dene praptanira, sdhuh yayi Sang Dewati, pangidhepane pun kakang.
Lir katiban ndaru praptanira yayi, dene sira nyawa, dadya sekar sri-asrining, raras srining Suralaya.
Pan kalakon mengko tumurun mariki, marang madyapada, yekti tan angucap malih, amung sira sekaring rat.
Adhuh babo dadiya wruhanta mariki, risang yaksa raja, tan pegat denira runtik, iya marang Sanghyang Endra.
Karanane tansah runtik Sri Bupati, dene jeneng sira, datan sinungaken nuli, karya rudah wong sapraja.
Lawan sanget wewah bendune Sang Aji, marang Sanghyang Endra, nggennya mangke mireng warti, met sraya mring Sang Harjuna.
Dadya mangke Sang Prabu arsa nedhaki, sampun asiyoga, denya arsa anglurugi, iya marang Suralaya.
Lah ta yayi Supraba paran ing mangkin, ing sapungkuring wang, paran baya kang pawarti, pra Jawata solahira.
Lawan para wong ing Suralaya sami, ingkang budi daya, ingsun kangen temen yayi, marang sanak kadang warga.
Ingkang kantun aneng Suralaya yayi, reke wuwusira, sarwi sengruk-sengruk nangis, lawan ngusap weninira.
PUPUH XI
S I N O M
Samangkana Sang Supraba, angling marang Prabasini, langkung bagya kamayangan, awak amba de kapanggih, aneng ing taman ngriki, weh langening taman santun, ing mangka saya wewah, Ngima-ima langkung asri, wit kanggenan pra widadari sakawan.
Karanane awaking wang, prapteng ngriki sapuniki, dene ingsun ayun wikan, asrinipun kang nagari, satuhu katon luwih, Ngima-ima ingsun dulu, ngasorken Suralaya, uparengganing nagari, dhadhasare kang darbe praja digdaya.
Sura sekti mahambara, inggih kakang Prabasini, purwanipun kula prapta, Ngima-imataka ngriki, daruna mireng warti, lamun yaksa prabu ayun, nglurugi Suralaya, kadi-kadi tan kuwawi, yen tulusa karsane Sri Naranata.
Anggecak ing Suralaya, sapa ingkang anangguhi, sagunge wong Suralaya, kamulane manira jrih, dadiya tawan benjing, marma ingsun iki rawuh, nglonloni angawula, marang risang yaksa aji, saking ajrih manira mbok dadi tawan.
Prabasini wuwusira, dhateng Risang Wara Dewi, adhuh ariningsun nyawa, bakit ngucap sira yayi, denira amet ati, marang manahireng kakung, mandah yan miyarsaa, marang risang Niwata ji, ucapira ingkang bisa mamet prana.
Mendah dene sru karenan, yekti lamun lunturing sih, iya yayi marang sira, mangkana saupama yayi, sang prabu kang upami, trena-treni lawan taru, mangsane yen katiga, yekti lamun sami agring, yen katiban udan ingkang labuh kapat.
Yekyi seger sami samya, marajakake anyeneni, weh enggaring wong sapraja, kang minangka udan yayi, ing labuh kapat iki, datan liyan mung praptamu, lah yayi wis kantuna, aneng kene Wara Dewi, ingsun matur marang Jeng Sri Naranata.
Ingsun pangkat tur uninga, lamun sira mangke prapti, yayi saking Suralaya, praptinira yun suwiwi, sugra Sang Prabasini, mesat saking taman santun, dene ta kang tinilar, Leng-leng Danu Watsasini, amanggihi marang Sang Retna Supraba.
Prabasini lampahira, wus manjing mring dalem puri, marek mring raja Niwata, matur saho awot sari, pukulun paduka ji, patik bra ing mangke matur, paduka binathara, Sang Supraba mangke prapti, njujug aneng sajroning taman welahan.
Nggennya prapta sedyanira, mawongan mring Sri Bupati, sampun dangu nggennya prapta, Sang Supraba nganti-anti, milane enggal prapti, ngaturaken kangenipun, maring ing padukendra, saking dene Sang Dewati, pamawange sayekti boten jaya.
Inggih Sanghyang Batharendra, ing benjang yen tempuh jurit, dipun wawrat yen kasoran, pra Jawata mring Sang Aji, ing mangke Sang Dewati, ngrumiyini dhatengipun, owel dadya boyongan, suwita mring Jeng Sang Aji, dimen dadya suka pirenan ing karsa.
Sampun telas aturira, widadari Prabasini, aturira mring Sri Nata, angandika, Sri Bupati, heh sireku den aglis, mareneya sandhing lungguh, den parek lawan ing wang, ingsun ganjar sira mangkin, tampanana pangganjaring sun mring sira.
Dudu picis rajabrana, mung liringe tingal mami, lan resmining guyuning wang, tampanana den tumuli, lah dene ingkang prapti, nyawaningsun ingkang rawuh, mangka ta tan ingucap, sewu bagya tekeng ngriki, kekembanging sagung ingkang waranggana.
Prapta aneng prajaning wang, Sang Supraba Wara Dewi, la-elaning Suralaya, pasthi dadi garwa mami, sapa kang nora apti, amengku mring Sang Retna yu, kalawan dadya tandha, lamun ingsun menang jurit, lawan para Jawata ing Suralaya.
Sawusnya ngling Sri Narendra, sgra wau den nya mijil, saking dalem prabayasa, lampahira datan aris, tan wonten ingkang umiring, amung sagung para arum, lampahe mring udyana, tan winarna aneng margi, ya ta Sang Nata ngudyana wana.
Praptanira aneng taman, sang Niwatakawacaji, taman padhang lir raina, jroning taman anelahi, kasorot dening sasi, kawewahan kenyaripun, kencana retna abra, dadya wewah anyeneni, kang udyana anglir pupujaning dewa.
Tan wus lamun winarnaa, sang Supraba kang wus panggih, datan taha Sri Narendra, gya sinambut Sang Sudewi, tan wang-wang Sri Bupati, wus pinangku Sang Dewa Yu, minggah mring bale raras, ingkang bale kencana di, pan winangwang wang-wang wau salir retna.
Samangkana Sang Niwata, dennya mangku Sang Dewati, gya lumungsur Sang Supraba, pan cinandhak mudhun malih, marmane mudhun malih, Sang Supraba merang ndulu, marang pra waranggana, katigane iku maksih, nulya kinen widadari wisataa.
Prabasini dipun enggal, lunga lan Warsasini, Leng-leng Danunipun uga, katelune dipun aglis, karana sira mami, ingsun aken lunga iku, de iki jiwaning wang, Sang Supraba merang uning, marang sira katelu padha lunga.
Widadari tiga sira, sigra kesah tan asari, mantuh datheng Suralaya, Sang Niwata nulya angling, mring Risang Widadari, wuwusira manis arum, dhuh yayi jiwaning wang, tingalana ingsun gusti, lindrining kang tingal age umiyata.
Lan maninge Sang Kusuma, dene tekanira yayi, prapta nora nganggo ana, kala duta amangmangsit, mungguh ing estri luwih, baya sira iki masku, sun yayi wus rong dina, rong bengi tan ana mari, alis tengen kedhuten tan sita-sita.
Nanging sira mirahing wang, teka nora prapta yayi, ingsun sidhep lamun prapta, ingsun anti nora prapti, lan malih impen mami, sun kaguntur sagung madu, pantese lamun teka, iya sira jiwa mami, temahane sira nora ana prapta.
Mengko tanpa kala duta, ndadak sira prapta iki, dhuh kusuma jiwaning wang, baya asih marang mami, rempuning tyas Sang Aji, sigra lekas dennya ngungun, ngreremih mring Supraba, dhuh murtining para ratih, ratih ratu ratuning wong Suralaya.
Papanggih sun lawan sira, lah upama ingsun kadi, lir supena jroning nendra, sang arum lan jiwa mami, upama ingsun iki, apan kadi lunging gadhungnya, tan antuk rarembatan, kang upama rambatan wit, uwit ragas kalawan lung gar hungira.
Tegese kang kayu ragas, wit candhana iku yayi, kang minangka lung gadhahungnya, iya awadingsun yayi, upamanira iki, candhanane Sang Dewa Yu, lan malih saupama, lir sinta kaminta riris, ciptakeng sun kang minangka ririsira.
Anglir cucur saupama, duk minta mijil sasi, ingkang mangka cucur ingwang, mangka wulan Sang Sudewi, kalamun wande panggih, pun kakang lan Dewaning rum, amesthi pelah ngarang, wus kasedya siyang ratri, wenangena ing mangke anuwun duka.
Pan mangkana ngungrumira, wau risang Niwata ji, saya rawuh semunira, pangungrume yaksi aji, lire rawuh ing mangkin, amudhari wosing pinjung, wignyane Sang Niwata, meh kalantur ing saresmi, Sang Supraba kakenan basa la-ela.
Langkung dennya mrepek ing tyas, pangungrume sang ditya ji, Supraba nget ing wardaya, mring Harjuna kang piweling, sigra denira tangkis, Supraba mring karsa prabu, nanging ta Sang Niwata, meksa nekakaken kapti, sigra dennya anamakaken warastra.
Inginggatan mring Supraba, pinapeksa sru gumingsir, temah luput dennya matang, angenani kasur sari, atundha pitu tapis, butul ingkang kasur pitu, warastra Sang Niwata, Sang Niwata temah runtik, runtik saking dennya kacuwaning karsa.
Samangkana Sang Supraba, umatur mring Sri Bupati, dhuh pukulun Sri Narendra, sampun age-age runtuk, Bathara mring pun dasih, punapi ta ndadak luput, samenggah badan kula, lamun sampuh kagem yekti, samangsane sinten ingkang munasika.
Mangke yekti datan kena, uwal saking asta aji, lamun luput dalu siyang, sayekti tan cuweng kapti, tan wande awak mami, kagem rinten lawan dalu, sapa ta ingkang malang, ing sekarsa paduka ji, sapunika sayektine badan kula.
Lawan malih atur kula, mring paduka Sang Dewa ji, samengga ing badan amba, den upamekna ugi, lir gendhis aneng lathi, dipun emut saminipun, ilanging manisira, tan lyan maring Sri Bupati, sapa ingkang ngraosaken legining gula.
Marmanipun dipun sabar, sarehena ing penggalih, aywa ndadak daya-daya, sapa sinten kang ndarbeni, tan lyan Sri Bupati, ing karongron mamrih kiwul, anekakaken karsa, mung sapisan mangke inggih, ngapura marang ing badan kawula.
Risangsaya pingimurnya, sira Risang Retna Dewi, arum manis sabdanira, adhuh kakung atur mami, paduka kakang aji, tuhu ratu dibya punjul, isening Suralaya, mung paduka narapati, dhuh paduka tuhu ratu tanpa sama.
Nadyan sami para nata, datan kadi Sang Dewa ji, kawasa mring asthaguna, sapa ingkang purun ugi, dhumateng kakang aji, nadyan Brama lawan Wisnu, sandyan Sanghyang Siwah, Batharendra langkung ajrih, pra Jawata sadaya ajrih paduka.
Satelase pangimurnya, marang Risang Niwata ji, ical krodheng Sang Niwata, kasok saking ing pangremih, wignyane Wara Dewi, sareh galihireng prabu, enget mring Sang Supraba, tuwuh marang rehning kingkin, Sang Supraba rinangkul den ela-ela.
Adhuh mirah arining wang, dewataning tilam sari, iya bener ujarira, wiwitane ingsun sekti, atapa ingsun yayi, olih luwih saking manus, daruna brataning wang, satus brata sun lampahi, dadya Sanghyang Rudra sung nugraha ring wang.
Dene ugyaning sun tapa, ingsun warah mengko yayi, aneng lambung ing imawan, ana enggon kang sun nggoni, dene tatapa mami, dipun guntur ping patipun, marang ing pra Jawata, puguh saking guntur yayi, tan kapepet guwa panggonaning tapa.
Sawusira kagunturan, datan kengguh tapa mami, nulya Sanghyang Rudra prapta, anedhaki prapteng wukir, Hyang Rudra denira ngling, heh Niwata paran kayun, nggenira mara tapa, njaluk apa sira iki, dene tapanira mengko wus katrima.
De ature kakangira, dhateng Sanghyang Rudra nenggih, pukulun sang Bathara, mila amba mati ragi, kang kula pinta yekti, maring pada Bathara gung, ing jagad sadayanya, lan ing Swargaloka inggih, sedayane ngawulaa mring Niwata.
Sabuwana lawan swarga, sagungipun pra dumadi, aywa ana ama-madha, dadya sinung ingsun yayi, nugraha kang sayekti, sing Bathara Rudra iku, sawuse awawarah, Niwata mring Sang Dewa di, dadya rempu manahira sang Niwata.
Marang Risang Kadi Retna, lire rempu kang panggalih, sira risang yaksa dipa, dene supe mring wawadi, karsanira ing mangkin, medharaken wadinipun, ngandika nir weweka, wruhanira awak mami, tuk nugraha kasekten sinungken mring wang.
Wekas-wekasing jiwa gra, enggenireng sekti mami, yekti lamun datan ana, kyeh sanjata anedhasi, dene ta nggone werit, iya pati uriping sun, kang awit neng jiwa gra, pucuk ilat den werdeni, aneng kono nggoning patu uriping wang.
Nadyan dewa datan ana, wruha pati urip mami, yayi dewi amung sira, iya ingkang sun jateni, sun warah nggone yekti, iya pati uriping sun, marmane dipun bisa, ngandhut marang reh mawadi, aja sira wawarah marang wong liya.
Sawusira Sang Niwata, medharaken pati urip, awawarah mring Supraba, enggoning kang pati urip, gegetune tan sipi, lir kauwan jroning kalbu, tegese wong kauwan, kadi janma nyepeng peksi, peksi ucul saking tangane priyangga.
Miber prapteng jumantara, gegetune tan sinipi, nanging yekti nora bisa, nututana ingkang peksi, wit uwus ucul tebih, lah puniku tandhanipun, wong priya sru asmara, keneng sinthung wong pawestri, mamanising wanita karya wigena.
Mangkana ta Sang Harjuna, sawusira myarsa titi, sawuwuse Sang Niwata enggonira anjateni, anenggih mring Sang Dewi, sukeng tyas marwata sunu, tan ana ingkang dadya, semang-semang ing panggalih, wus kacakup pamecane Sang Niwata.

(bersambung)