Selasa, 04 Agustus 2009

Para sutresna kabudhayan Jawi

Bilih blog 'ingatase petruk lan gareng' punika karacik, rinumpaka tuwin karipta boten namung mligi kangge nglempakaken kaweruh ulah kabatosan ingkang sinengker ing serat-serat Jawi kina titilaranipun para leluhur kita, nanging ugi saperlu kangge hangonceki basa sasandhining sadaya piwulang kalawau ginayuh sarana imbal wacana antawisipun kula lan panjenengan para maos.

Ewadene “perlu kawuningan bilih pun pangripta sanes ahli ing babagan pambabaring kawruh / ngelmi lan sastra Jawi kina” ingkang ukaranipun kathah ingkang kirang cetha maksud suraosipun, tlesihing panjarwa bab tembung-tembung ingkang pinanggih ing kitab-kitab Jawi kina punika ingkang boten kalimrah ing pasrawungan padintenan. Ananging sadaya piwulang Jawi ingkang tansah dinapur ing pralampita titilaranipun para leluhur kita punika kedah kababar malih murih sageda dipun wuningani punapa ingkang dados suraosipun saengga badhe migunani sarta ambrekahana ing akathah.

Panggelaring sadaya piwulang ingkang kawursita ing salebeting kitab-kitab kados dene Primbon tamtu wigatos sanget supados kita saged amanggihi usada ingkang sampun cetha wela-wela aben abenan lan tumanjanipun, dados boten sami kinen ambatang adeging cacangkriman malih. Manawi sampun kita jinggleng maksud suraosing sadaya piwulang kalawau, tamtu kita boten badhe sami rebah ing sekar cempaka, tansah winadungan, tinegoran, tinutuhan, lan kaprapalan erining pung secang, tegesipun amastani dhateng manungsa ingkang tanpa nindhakaken ing dugi prayogi, tanpa ngati-ati, surti tuwin riringa.

Hewadene anggenipun kita nyumerebi dhateng suraos tuwin maksudipun ukara ing salebeting piwulang wau, pamendhetipun kedah mawi pangot waja kanthi landheping panggraita, inggih punika papadhanging pangangen-angen. Kawontenanipun tiyang ingkang saweg nglamuri among urub bramaning kasengseman angobar-ngobaraken hawa nafsunipun, saestu boten angrewes dhateng sawarnaning piwulang sae arupi ulah kabatosan ingkang sinengker ing rerangkening ukara ingkang rinangkul ing saklebeting serat-serat Jawi kina punika.

Kosokwangsulipun rumaos eca lan sakeca yen anglampahi saliring pandamel ingkang sami nerak angger-angger tinarajang ing wewalering kasusilan tinebihna saking pawartos kabingahan. Ananging para ulah katentreman sakalangkung resep andulu dhateng para ingkang sami kalis saking babandaning hawanafsu ateges boten kapincut ing kabingahan kasugihan, kamukten lan saksaminipun. Dados gesangipun sampun boten kapurasa dening eca-sakeca tuwin bingah sisah, darbekipun namung tansah anglenggahi dhateng ulah katentreman.

Pangimpun sami nothol daya-daya kumawantun kepingin ndherek ambabar piwulang Kejawen ing pangajab sageda kabudhayan Jawi ingkang hadiluhung punika saged kondhang kaonang-onang ing saindhenging jagad nata. Ing wusana, mugi berandawarta 'ingatase petruk lan gareng' punika wonten pigunanipun lan boten badhe andadosaken iba kuciwaning penggalih panjenengan sadaya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar