Selasa, 04 Agustus 2009

Wuyung

Ana tembung tetembangan Ing Wengi,
Kekidungan tembang gegayuhaning ati,
Ngambara rasa Godhaning Jiwa,
Godhaning Jiwa karebut ing mangsa

Ana Sastra kaserat ing Mega,
Pujangga muda luruh ing asmara,
Ciptaning rasa, gregeting jiwa,
Rasa jiwa kaselak ing branta

Dak Suwun sliramu Duh kusuma,
Nora cidra marang garise rasa,
Nora sirna mekaring cundhup asmara,
Cundhup asmara kang banget dak rasa.

Ana tembung tetembanganing wuyung,
Hanyandra rasa godhaning sukma,
Marang sastra kaserat ing kidhung,
Hangrerepa marang Chandra lan kartika

Tidak ada komentar:

Posting Komentar